MALUYAKAKE SAKEHING LELARA KALAWAN KEKUWATAN GAIB - Pustaka Radja Mantrayoga Bagian 9

 illustrasi
IX
MALUYAKAKE SAKEHING LELARA KALAWAN KEKUWATAN GAIB
Ing dalem daya-prabawa pamaluyaning lelara kalawan kekuwatan magnetisme, iku sang tabib menehake sabagean saka darbeke kekuwataning urip marang wong kang lara.
Pamaluya sarupa iki, iku ora kalawan migunakake ilmu ilmu gendaco enoverbrenging, sugestie, consentratie utawa hypnotisme.
Magnetisme lan hypnotisme iku kawruh rong warna, kang adoh banget bedane, maluyakake kalawan kekuwatan magnetisme lan hypnotisme iku ora kena pisan-pisan dipadakake.
Kekuwatan magnetisme iku wiwitane makarti ing asabat-asabat, banjur nglantarake daya prabawa kang waras marang uthek. Kosok baline hypnotisme iku wiwitane makarti ing utek lan terus nglantarake daya prabawane marang asabat-asabat.
Mungguhing hypnotisme iku perlu uga sabageyan saka kekuwatan kekarepane wong kang lara digunakake kanggo maluyakake : cara mangkene iki ngemungake bisa kadadiyan manawa wong kang lara iku pinuju turu, kosokbaline maluyakake kalawan kekuwatan magnetism (daya panarik), iku ora usah nganggo nurokake wong kang lara, sabab daya prabawaning kekuwatan iku ngemungake bisa kapigunakake nalika wong kang lara iku pinuju eling.
Ilmu kanggo maluyakake iku sawijining ganjaran kang suci apa maneh ilmu iku manggone umpetan ing dalem sakehing wong, deweke mung bisa anggugah, ngopeni kalawan becik lan migunakake samasa ana prelune.
Sedya kita mung nglairake wewarah supaya para maos, dimene sanadyan sajroning lagi bagas kewarasan utawa salagine nandhang larakarsa nyinau kepriye carane dheweke bisa oleh kekuwatan tumrap kanggo maluyakake, utawa mitulungi marang sapepadhaning manusa kang lagi kena gangguwan kawarasane.
Asale ilmu iku ora saka diweruhake marang wong wong, sabab sakehing kekuwatan gedhe saka alam, iku kekuwatan kang meneng tumrap dheweke kang ambuwang waktu kalawan ora mrelokake panaliti bab iku, wis mesthi bae sajege tansah mung umpetan bae. Ananging tumrap dheweke kang pracaya marang anane ilmu ilmu iku ora suwe banjur bisa nekakake sedyane kang mulya.
Wiwit dhek jaman kuna kaya kang wis kasebut ing dalem carita kang wis padha kasumurupan lan rinungu, yen dhek jaman samana ana pira pira wong pinter kang bisa maluyakake wong lara mung kalawan epek-epeking tangan kanan lan kiwa, samengko para kang sinau mesthi nglakoni dewe yen sadhengah wong uga anduweni sawijining kekuwatan kang manawa kagedhekake dayane, bisa maluyakake larane dhewe, mangkono uga tumrap larane wong liya. Coba kawigatekna apata kang dikarepake tumrap bab iki? Bokmanawa sadulur sadulur wis anduweni wijine, ananging sadulur sadulur durung padha ana kapracayaning ati, niyat ngyektekake nyoba gawe warase wong lara. Kang wis dadi pakulinane manawa sadulur pinuju nemoni kapreluwan apa apa, banjur bae marang ing panggonane dhokter utawa marang rumah obat, mangka sanyatane sadulur sadulur dhewe uga anduweni kekuwatan kanggo maluyakake kahanan iku.
Kekuwatan narik-sakabehing wong kena diumpamakake kaya dene magnet, kang tampa lan nulak. Dheweke dhewe ora mangerti, kapriye enggone makarti? Maluyakake kalawan kekuwatan magnetisme, iya iku ngelihake marang wong liya kalawan migunakake sawijining tenaga gaib.
Tangan = tangan tengene manusa, iku kang positif, dene tangan kiwa, iku kang negatif. Wewadine maluyakake kalawan kekuwatan magnetisme, wong ngelihake kekuwatan iku kalawan tangane kiwa tengen kang dipatrapake ing badane wong kang lara tangane kang kiwa kapigunakake kanggo nyambung ilen-ilen iku kaya uga diumpamakake anjuran electrisch.
Minangka kanggo ilen-ilening kekuwatan iku, uwong migunakake tangan-tangane karana ing kono iku magnetisme luwih gampang makartine tinimbang karo liya liyane anggota badaning manusa.
Magnetisme kang kailekake saka pucuk pucuking driji terus marang sajroning badane wong kang lara, wusana bali marang tangan kiwa, mesthi bae wis ora pati kuwat maneh kaya maune, mulane sang tabib kawarasane dhewe bisa uga kaganggu, manawa dheweke ora anduweni daya sathithik thithika kanggo ngumpulake maneh marang kekuwataning urip iku.
Nampakake lan nampani, manuwa sadulur kalawan temen temening ati arep mitulungi marang liyane sadulur miwiti kalawan aturan iki iya iku tumindaking daya kekuwatan kang makarti ing dalem badane sadulur, nganti sadulur dhewe simpenane kekuwatan tetep satimbang kalawan apa kang sadulur wetokake.
Awit saka iku sadulur ora susah kuwatir ambuwang sabagian saka kekuwatan uripe sadulur dhewe, sabab kekuwatan iki bakal bali marang sadulur kalawan tenaga kang luwih kuwat maneh.
Dumadine kekuwatan iku, badaning manusa kena diumpamakake kaya dene sawijining panggaotan dagang, manawa kita ing dalem wektu sawatara suwe ora sesambungan sawiji apa karo jagad ing padagangan, wis mesthi padagangan kita ora bisa tambah luwih gedhe, tinimbang karo manawa kita nindakake pawitaning padagangan iku kang ora suwe nambahi gedhe, sawijining ahli magnetisme ora mung sapisan bae dheweke simpen kekuwatane utawa nindakake kapinterane wong kanggo maluyakake wong loro bae.
Prelu nyambut gawe bebarengan sawijining tabib luwih begja manawa wong kang lara iku aweh bantuwan marang deweke. Bantuwan iku ora liya saka anduweni “sawijining kapracayan gedhe” tumrap kapinterane tabib iku kang mesthi bisa ngentas dheweke saka tindhesaning penyakite, ora prelu sadulu nyinau luwih dhisik marang sakeh tambane lelara rupa-rupa ngemungake sadulur kudu nyumurupi yen sakehing lelara iku ngemungake kadadiyan saka sawijining ganguan ing dalem badaning manusa saka sabab ing bageyan iku asabate ora tumindak kalawan bener.
Kita wani namtokake yen sakehing penyakit bakal waluya kalawan enggal manawa wong kang lara iku gedhe pracayane marang tabib kang nambani iku.
Kahananing asabat-asabat kekuwatan kekuwatan magnetism kawitane ditampa dening asabat-asabat saka kene terus kabagekake marang getih lan liya-liyane. Sawijining asabat iku adegan saka seratserat putih kang mujudake kotak-kotak kang bisa kabage maneh ing dalem telung bageyan iya iku gemuk, putihing endhog lan banyu. Banyu iki kang luwih premati dhewe gegayutan karo makartining asabat-asabat kang kena diumpamakake sawijining anggota kang ngilekake sakehing panganjuran marang saindenging badane manusa.
Saka kang mangkono mulane asabat-asabat iku dadi enggon padununganing kapinterane manusa. Dheweke nampa lan prelu oleh pangan saka ing getih.
Kapriye enggone karasa lara. Umpamane uwong krasa lara ing bageyan dhengkul, kapriye kadadiyane iki? Ilen-ilen kang liwat saka bageyan dhengkul iku kang arep gawe sesambungan marang hawa ing jaba lagi kena ganguwan saka sabab asabat-asabate ing bageyan kono pinuju rusak. Mangka kanggo ngilangake rasa lara iku ilen-ilen iku mesti kudu dimulyakake kalawan ilen-ilen anyar genahe wong kudu mulihake maneh marang asabat-asabat kang rusak iki bisa kadadiyan kalawan sampurna, manawa wong kang lara iku tanpa ilen-ilen saka wong liya kang isih ngandhung kekuwatan urip.
Gawe sadhiyan kalawan tangan ing saben-saben arep maluyakake kalawan tangan ana prelune wong kudu gawe sadhiyan kaya kang kapretelake ing ngisor iki.
Anggosok epek-epeking tangan karo pisan siji lawan sijine kang seru banjur dikepet kepetake marambah-rambah nganti sawatara saat suwene, nganti epek-epek iku krasa kaya dene tuwuh kekuwatane urip samasa epek-epek tangan iku ngepel lan megar maneh kalawan rikat, sarta patrap kang mangkono iku diambali marambah rambah, wong bakal krasa kagugah kekuwataning urip.
Pamaluya umum –– wong kang lara kapatapake turon mangkurep, sangisoring dhadhane diganjel bantal supaya dheweke bias matrapake sumelehing janggute kalayan kapenak ing sanduwuring bantal iku, lengene karo pisan kakendokake, luwih prayoga kajujurake kalawan lemes ing sauruting lambung kanan kering.
Banjur matrapna driji panuduh lan driji panunggulmu tangan tengen, ing kanan keringing ula-ulane wong kang lara iku, dadi ula-ulane wong kang lara mau ana ing antarane driji loro iku. Driji mau banjur urutna alon-alon nanging sing nandes, sauruting ula-ula mangisor.
Manawa nemoni sawatara sambungan-sambungan kang kendo iki nandakake anane sawatara asabat kang tuwuh saka lonjoran ula-ula mau nemoni gangguwan, awit saka iku mesthi ana sawijining anggota badan kang lara.
Ana dene manawa nemoni ing sawijining panggonan kang krasane ana kang luwih anyep utawa luwih panas, tinimbang karo ing panggonan liya ing sakitare, iku anandakake yen ana urat ing dalem wewengkoning ula-ula ana kang mengkeret, kang angganggu marang cakra manggilinganing asabat-asabat saka pusere asabat (Zenuw nitra) kang mangkono iku dadi tuwuh rasaning lara lan tumindake ing dalem anggota badan iku dadi ora bener.
Kawigatekna ing panggonan-panggonan iku  supaya bisa ngambali tumindaking pakaryan kalayan taliti.
Wasana prayoga wong kang lara iku supaya leyeh-leyeh mlumah banjur uruten kalawan tangan loro ing badane sakojor kalawan nyatitekake ing ngendi anane urat kang mengkeret panggonan kang lara lan liya-liyane.
Caraning pamaluya umum iku kudu katindakake kalawan tementemen, kang carane enggone miwiti kaya kang kapratelake ing ngisor iki :
Kawiwitan saka sacedhaking gulu kaurut terus kalawan alon lan taliti ing sauruting ula-ula, mangisor kalawan nyatitekake panggonanpanggonan kang karosa lara, utawa panggonan kang katara rasane anyep lan panas, kaya dene kang wis kapratelake ing dhuwur.
Luwih dhisik ing saurute sisihing ula-ula nuli sauruting sisih liyane kalawan tansah nyatitekake kanti tretib ing saben-saben kebener panggonan kang karasa lara.
Nuli kena banjur migunakake caraning pamaluya nganggo geteran ing sauruting ula-ula, wusanane kena banjur digosok kalawan alon pirang-pirang rambahan kang bakal andadekake kamayaran.
Sawise mangkono banjur kena nindakake cara pamaluya ing gulu kaya ing ngisor iki.
Miwitana mijet-mijet urat-urat ing bageyan lan ngurut-urut kalawan alon ing gulu bageyan ngarep, patrap mangkono iku ana pigunane kanggo nglestarekake lakuning getih kang saka lan marang utek, supaya lestari lakune kalayan omber.
Tumuli banjur mijet-mijet lan ngurut-urut pundhak kiwa tengen genti genten, banjur lengene kiwa tengen saka pundhak nganti tumeka pucuking driji.
Banjur nyandak gilirane ing dhadha geger lan lambung kanan kering ing saben saben nindakake sarana mijet-mijet dhisik banjur ngurut urut.
Migunakna caraning pamaluya kalawan geteran nganggo driji-driji mangkono iku manawa prelu kanggo mayarake rasaning lara uga kena anggunakake dhodhogan lirih ing panggonan-panggonan kang kandel ing antaraning badan manawa ana prelune kudu katindakake nganggo cara mangkono.
Sawise iku kena banjur anggarap sauruting sikil kanan kering kang tansah kawiwitan saka dipijet-pijet dhisik banjur diurut urut kaya kene kang katindakake ing lengen-lengen tangan mau. Migunakna sarupaning daya kang kinira rinasa perlu ing penering panggonan panggonan kang lara.
Daya kang luwih becik iya iku matrapake tangan kanan ing prenah ing sangisoring pulung ati, dene tangan kiwa ing prenah tengah tengahing geger kalawan patrap mangkono iku bisa nuntuni dalan ilen ilening prana utawa kekuwataning urip marang sajroning badan suwene kira-kira limang menit.
Yen arep maluyakake rasa lara katamtuwane kudu anggosok dhisik epek-epeke karo kang seru nganti karasa panas nuli tangan kang kanan iku tumpangna sadhuwure panggonan kang karasa lara dene tangan kang kering katumpangna sadhuwure badan utawa anggota badan ing sisih burine panggonan kang lara iku kalawan gumolonging kekarepan kang kanthi kekuwataning pikiran katujokake ing sedya arep gawe waluyaning bageyan panggonan iku supaya ora krasa lara maneh.
Minangka panutuping cara nindakake pamaluya iki ing saben saben tansah diwekasi kalawan cara ngurut-ngurut saka ing dhuwur nganti liwat pucuking driji-driji tangan kiwa tengen lan pucuking driji-driji sikil karo pisan ing saben saben akhire tangane dhewe kudu banjur katepastepasake supaya wong kang lara bisa dadi seneng lan lakuning getih dadi tumindak kalawan prayoga. Sadulur dhewe kang nindakake patrap caraning pamaluya iki bakal rumasa anggumun tumrap kamandening “urut”.
Sasuwene nindakake cara pamaluya umum tarkadang-kadang sadulur nganggo leren sadela kalawan numpangake tangan kanan sarta nyanggakake tangan kering ing antarane badane wong kang lara utawa tangan tengen ana ing sisih ngarep, tangan kiwa ana ing sisih buri.
Kalawan mangkono iku anjuran bisa mili ing badan sakojur lan bias rumeka warata ing sakehing anggota anggota badan.
Ora bisa ambuwang sesuker gangguwan kang mangkono iku bisa kamusnakake kalawan cara pamaluya umum lan kang luwih prelu iya iku ing prenahing weteng lan limpa cara pamaluya kalawan geteran ing sandhuwuring limpa lan jeroan bisa tumindak bagus banget aja ketalen sakehing aturan kang katerangake ing dhuwur mau nganti anjuran bisa tinuntun lumebu ing sajroning bageyan bageyan badan aja kelalen ing akhire kudu ditindakake urat wong kang lara mau nuli dipituturi supaya Jngombe kang luwih akeh sabab wong susah ambuwang iku sababe saka kekurangan dzat banyu. Nalikane maluyakake tangan tengen kudu tansah makarti dene tangan kiwa dadi tetimbangane.
Pangan ora bisa ajur utawa piranti pangejur pangan kena gangguwan. Nindakna cara pamaluya umum gegandengan karo cara cara kaya kang wis kapratelake ing dhuwur mau, kalawan gumolonging pikiran kudu katujokake marang miline kekuwatan gaib marang piranti-piranti jerowan kang gegayutan karo piranti pangejur pangan.
Mencret (ulet uleten), carane maluyakake lelara iki kudu kalawan cara kang alus banget aja nganggo dipijet nanging ngemungake diuruturut alon-alon ban lan kaanjurake ilen ilen kekuwatan marang bageyanbageyan badan kanti cara pamaluya kang mligi kanggo penyakit mencret.
Cara pamaluya iku kadadiyan saka ambenerake kekuwataning asabat sajroning jerowan. Layake asabat-asabat iku tarkadang kadang sok mobah mobah dene carane maluyakake ngarah supaya mobah-mobah iku bisa dadi enteng maneh luwih maneh manawa pamaluyane iku kanti pikiran kang katujokake mligi marang prenahing panggonan kang lara kalawan parentahing dalem batin “menenga muduna” !
Cara pamaluya iki luwih becik kena katindake kaya ing ngisor iki.
Leyeh-leyehna wong kang lara iku patrape malumah, banjur tanganmu karo pisan patrapa sangisoring badane wong kang lara iku kalawan driji-drijine dumunung ing saben sisihe ula-ula kaprenah sangisoring iga wekas.
Kalawan cara mangkono, wong lara iku tuwaken munggah nganti sawatara senti meter dene boboting badan tansah nindihi driji-driji mau apa maneh pundake kiwa tengen lan bokonge isih tetep sumeleh bae kang gegere mujudake sawijining plengkungan, aja kalawan kesusu-susu nindakake obah-obahan sing alon. Ing nalikane katindakake pamaluya, badane wong kang lara kudu tansah kendho ora kena ana urate kang kapenthang.
Akhire wong kang lara diwenehi waktu limang menit kanggo ngaso, banjur kena diambahi maneh, cara pamaluya iku manawa penyakite  durung mari.
Dene minangka panutuping panindak uga kudu kalawan angurut.
Sadulur bakal rumangsa anggumun banget sabab dening enggale penyakit iki dadi waras.
Sasuwene nindakake pakaryan iku kudu tansah makartekake gumolonging pikiran kang esthi katujokake metu kalawan parenjah : “menenga, muduna” !
Lara limpa bisa kawaluyakake kalawan cara pamaluya umum nganggo mijet-mijet ing panggonan limpa kanti geteran tangan ing prenahing panggonan angreming panyakit. Aja kelalen ing akhire kudu angurut-urut.
Lara ginjel bisa kawaluyakake kalawan cara sarupa aturan pamaluya lara limpa, kalawan migatekake ing prenahing ginjel.
Lara encok bisa kawaluyakake kalawan cara pamaluya umum kanthi mijet-mijet lan ngurut-urut ing prenahing panggonan kang lara.
Karasa lara karana asabat kena gangguwan, kayata lara sirah, lara untu, lan liya liyane. Kudu kawaluyakake kalawan cara pamaluya umum, nganggo mijet-mijet lan ngurut-urut ing prenahing panggonan kang lara.
Kendo utawa ilang rasa birahine. Bisane kena kawaluyakake maneh kudu kalawan cara pamaluya umum, kanti dipijet-pijet, diketek-ketek, digeterake lan diurut-urut ing ula-ulane bagiyan kang ngisor lan bageyan duwur saka bokonge.
Tumrap lelarane wong wadon. Iku prayoga banget digunakake cara pamaluya umum, lan kanti pijet-pijet lan urut-urut kalawan pangati-ati ing prenahing panggonan kang lara iku, iya prayoga.
Kawigaten umum. Cara cara pamaluya kang kasebut ing duwur iki kalawan migunakake tangan tengen lan tangan kiwa bebarengan sarupa anjuran electiciteit bisa dadi panuduh umum.
Wong kang amaluyakake kudu tansah andarbeni ati teguh kalawan temen-temen dhemene marang pakaryan iku, sarta angrasakake yen alam menehi marang dheweke sawijining pancaindriya kang linuwih saka kalumrahane, supaya bisa maluyakake sakehing penyakit.
Kang mesthi kudu katindhakake luwih dhisik iya iku mahamake aturane sawiji-wijining cara pamaluya, nganti ing saben obahing tangan bisa katindakake kalawan omber lan prigel kaya dene kaprigelane wong nglebokake pangan marang tutuke dhewe. Manawa wis faham nindakake sarupaning obah-obahan tangan lan driji iku, mesti cara-cara pamaluya iku bisa katindakake kalawan asih kang bagus wis mesthi bae kalawan mangkono iki, cara-cara iku bisa luwih mandi lan ampuh tinimbang karo yen mung katindakake kalayan sakena-kenane bae satemene uga ana sawijining “pancaindriya tumrap pamaluya” nanging kawigatekna, fahamna sarupaning obah-obahan lan sawiji-wijining patrape cara maluyakake sarupaning penyakit ngandela marang sawijining mitra utawa sanak kang tansah sadhiya ambantu. Pracaya marang diri pribadi lan marang kekuwatan gaib kang metu saka badan kita dhewe, asile bakal nyata bagus temenan.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment