Suluk Wasiyating Poro Guru

PUPUH
MEGATRUH 

  1. Wonten malih wasiyating para guru e sagung kang wuri-wuri poma ajana katungkul karana ing wong ngaurip tan wurung prapteng megat roh.
  2. Marmanipun den tumemen ulah ngelmu wasiyating para wali lan wulanging guru-guru den tumancep jroning ati aja den sambi guguyon.
  3. Supayane dadiya pangemut-emut pamejange Sunan Giri kadhaton mring garwanipun dadiya tepa palupi mrih waspadeng ingpasemon.
  4. Aturipun kang garwamring kang sinuhun amba kapencut kapati angsala barkahpukulun masalahing wong ngaurip kawruh kang marang ywang Manon.
  5. Ingkang raka aris pangandikanipun eh nyahi ngambila aglis salembar kang dhaton lumbu nulya isenana warih ing kono goning pasemon.
  6. Iya kawruh mungguh kang marang Hyang Agung, saksana kang rayi ngambil, dhaon wus ing-isen banyu, nulya katur marang laki, sinuhun Giri kadhaton.
  7. Ingkang garwa den- jak mring enggon kang samun nulya Sunan ngandika ris enya sunwruhensireku rungokna pasemon iki, mengkono mungguh ing kawruh.
  8. Tingalana kang padhang-padhanging banyu ya iku ngibarat gusti, lan obah-obah ing banyu, ngibarating kawuleki, dne iku ingkang dhaon.
  9. Kang kinarya wawadhah ing banyu iku, iya ngibarat jasmani, kawruhana obahipun, ing banyu iku obahing kang padhang-padhang ing kono.
  10. Krana padhang padhang panyuta ing banyu, banyu nyata wadhah iki, tegese paningal iku, tunggal kayatene yekti, tanpa ning sih apadudon.
  11. Iku kawruh kang sampurna kang wus khusus yen nora mengkono nyahi, luput tur sasar wong iku, kang garwa umatur aris, dhuh sinuhun guruning ngong.
  12. Kados pundi kawula dereng anggayuh, timbalan tuwan sayekti, maksih pasemon puniku, ngandika Jeng Sunan Giri, tegese nyahi iku wong.
  13. Kang wus teka ing Islame kang satuhu, karana mungguh ywang widhi, tansah den nyataken iku, ya mulane den arani, wus tumeka Islam ing wong.
  14. Iya ingkang aningali ing Ywang Agung, kewala dennya ningali, lan mata kapala iku, lah iku jatine nyahi, kang rayi umatur alon.
  15. Kadya paran paningal amba pukulun, mata kapala kang pundi, angandika jeng sinuhun nyahi tan nyandhak sireki, ing pasemon kang mengkono.
  16. Yen mengkono majuwa den parek ingsun, saksana nulya sumandhing, dhepepel sarwi abukuh, mangkana nulya den wangsit, eh nyahi yen sirarsa wroh.
  17. Basa mata kapala paningal iku, ya matanira pribadi, kang bunder iku kang dulu, ing ngallah mongka den aglis, dulunen cahya ing kono.
  18. Ya cahyane ing paningalira iku, nyata yen tunggal pangaksi, dadi kanyatahanipun, tan liya dhewekireki, kang anonton kang tinonton.
  19. Jer pangeran tanpa netra yen andulu, lan tanpa swara yen angling, ya paningalira iku, swaranira kang kinardi, ya sira iku hyang manon.
  20. Dadi ingkang nembah kang sinembah iku, ya kang muji kang pinuji, lah iku jatining kawruh, kang garwa aglis nungkemi, ing pada sang wiku katong.
  21. Ngandika rum mring garwa nyai sun pemut, poma aja salah tampi ya iku kawruh satuhu, iya ing lesanireki, den aserung den sarombong.
  22. Iya iku kawruh kang padha lan ingsun, telas wejang Sunan Giri, wonten malih wejangipun nenggih pangeran Sumendhina (hal.15) lika amedhar kawroh.
  23. Mring kang putra tasisja wejangipun, pratingkah ing salat iki, kulup basa salat iku, apan iya lungguh mami, sahadat pangucap ing ngong.
  24. Basa puji iku papanganan ingsun basa wujud rakhsa mami basa urip patiningsun tegese mungguh ing pati, Islame durung gumacos.
  25. Tegesipun wong ingkang ngrasani mungguh, makripatu iman tokid, saengga yen durung lungguh, ing dattolah yekti maksih, wong iku bingung kimawon.
  26. Anggurayang was-uwas panganggepipun, yen kapapa neniwasi, ing wusana tanpa uwus ya dadi patine modir, saengga patining sato.
  27. Iku kulup wruhanta aja kapencut, marang wong ngakeh sireki, lan aja ngandelken ngelmu, sarak nora anguwisi, wekasane angaluwos.
  28. Telas pangran sumendhi pamejangipun, angran Juminah winarni, duk miraos tegesipun, ing sarira lan kang siwi, ya kulup apa sira wroh.
  29. Ing jatine kang aran sarira ikusuksma kang tan owah gingsir, aturing putra anuwun, kang rama nglingira aris, ya kulup ingsun kang tudoh.
  30. Ing tegese kang aran sarira iku, suksma kang tan owah gingsir, kang tanana wekasipun, tanpa tuduh anlir neki, dudu jisim kang bergogok.
  31. Dudu ati dudu roh ngakal pandulu, ya sarira iku kaki, kang ngamurba amiseseku, ing awak kang lahir iki, tegese ingkang mengkono.
  32. Ing dattollah jatine sarira iku, dadi kanyatahan yekti, mongka tingalana sagung, kanyatahan dattullahi, yeku aran tingal wutoh.
  33. Dadi Allah kewala paningalipun, karana ta wong ngaurip, yentan wruh sariranipun, mongka uta prapteng pati, nora kaya kang waspaos.
  34. Ing sarira dadi wruh paraning lampus, poma kulup den udani, ing sariranira iku, marmane akeh kang tan wrin, ing sarira sabab keron.
  35. Keronipun ing panggawe kapir kupur, mung iku kang den kawruhi, mila antepi ki kulup, ywa kasaraken sireki, karana uwis katonton.
  36. Manusa kang kakandelen sarakipun, angel tumekaning gaib, kang putra nembah anuwun, kang rama ngandika malih, kulup yen sira wus weroh.
  37. Ing pratingkah yen kaya mengkono iku, aywa kulina nagari, den mantep panarimeku, wus telas poma den titi, wonten malih winiraos.
  38. Sunan Kalijaga pangandikanipun, eh ta pawong sanak mami, tekating wajibul wujud, lire anane kangpasthi, yen ingsun nora mengkono.
  39. Salawase mapan tan temu-tinemu, kalawan ujare sami, amuji nembah Hyang Agung, yen mungguh ing tekad mami, pan nora kaya mengkono.
  40.  Malah ingsun kang sinembah kang sinebut, kalawan sebute sami, la’ilaha ilullahu, ujar iku den wuwuri, yen ingsun nora mengkono.
  41. Kang sun tobataken rahina lan dalu, yen nebuta ujar iki, la,ilaha ilullahu, karana kang bumi langit, tan kinarya ing ywang Manon.
  42. Sabab anyar Allahtangala puniku, apan ta manungsa kang kadim, Allah iku uripipun, kalawan eroh sayekti, manusa urip tanpa roh.
  43. Allah iku uripe tan keneng lampus, manusa tan keneng pati, lamun nana wong amuwus, Allah tankena ing pati, manusa kang keneng layon.
  44. Yen mangkono sungsang buwana puniku, kaya babasan sajroning, mentah ana matengipun, yen mungguh ing tekat mami, yen mateng mateng jaba jro.
  45. Yen den nyana Allah tangala kang ngidhup, kawulane kang ngemasi, dadi ana gethek nungsung, sesatange den bongkoki, amarengi toya erob.
  46. Ngaji sarak lan tanya trekat babipun, eh apa wong sanak mami, yen arsa atanya ngelmu kakekat makripat nenggih, sawecane kang gumacos.
  47. Saratipun wong amanjing guru iku, arep pasrah jiwa jisim, aja rumongsa gegadhuh, getiyen satetes wajib, aturna ing guru kono.
  48. Eh ki luhung selawe aturna guuh, mapan ing antep puniki, boya kaya wong wis weruh, ing Ngallah dadi tan sirik aja kaya wong kang bodho.
  49. Kang binunton atine maring ywang agung, eh kiluhung kalamun wis, waspada dening hyang agung, nuli waspada amaring, rupane dhewe ywa keron.
  50. Pan puniki salat da’im tegesipun, ing aran puji nekseni, yen kinarsakaken iku, dening hyang sayekti dadi waliyollah kang kinaot.
  51. Lamun nora wali mukmin kas puniku, dene ta ujaring dhikir, la’ilaha ilullahu, makdum ta aywa kabatin, tetebeng lahir kimawon.
  52. Sampun telas pema-pema dipun emut, ajana pepeka sami, ing jatine ujar iku, lamun norana kang ngerti, budinen yen meksa tan wroh.
  53. Agenema lan wong kang wus tunggal kawruh liyane aja den wruhi, yen tan sembada nyaweku, iku poma wekas mami, aja gebreh bok kacenthok.
  54. Kacenthoke krana geng-genging pakewuh, amungna sampurna ingpati, marma kehkang tiba luput, wus bener pangrakitneki, ing satemah amalencong.
  55. Pan kahirup ing pakareman dunyeku, tan kelar tibaning pati (hal.20) keron mangsah wowor sambu, dunya arta anak rabi, kabeh padha dadi mongsoh.
  56. Iya iku abote ing wong tumuwuh, nora kena kamitolih, anak rabi bapa babu, brana arta myang kekasih, sajroning amrih mulyeng gon.
  57. Ujar iku geglangen mungpung durung, yen wus kasep neniwasi, sapa bisa kang tetulung, aja pijer ulah mukti, ing pati ywa kabesturon.
  58. Nadyan wus wruh yenanggung gawe katungkul, mila ajana tekibir, sira iku padha durung, ana ngrasakaken mati, marma ingsun iki lumoh.
  59. Ing kamukten tilar kawibawan ingsun, sun pilalah laku santri, tur nistha tanpa karyeku, nanging ingsun wus udani, pan pamrih ingsun ing batos.
  60. Karya sasab panyirepe tyas tekabur, dene tekat ingsun batin, sun tobataken satuhu, lamun tan sampurneng pati, sengga jisim kongsi bosok.
  61. Tuwin wutuh yen tan precaya sireku, besk yen ingsun ngemasi, kalamun sira padha wruh, yen wus kinubur den aglis, dhudhuken sengga nglegorong.
  62. Tuwin bosok enggal pakakna ing asu, aja kang mengkono malih, nadyan siji wuluningsun, sampurna tanana kari, mulih sipating hyang manon.
  63. Ujar iku ajana kang milu-milu, yen durung wruh sajatining, puruhita aja ngawur, temah sasar mati kapir, wong ngurip yen tan tuk tudoh.
  64. Ngapirani yen ngandelken sarakipun, yen tan wruh ing ngelmu jati, dene babar pisanipun, nora kalebu ing tulis, larangan ageng kinaot.
  65. Wonten malih kojah saking para guru, kang wus winejangken mami, sun kumpulaken saebuk, su’al masallah dadya tri, tembang durma pangkur sinom.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment