Contoh Teks Pambagyo Harjo Temanten

Pambagyo Harjo biasanya dilakukan sebagai salah satu sambutan dari keluarga yang melakukan acara pernikahan.

Penyampaian pambagyo harjo ini biasanya dilakukan oleh orang yang terpandang ataau dituakan didaerah tersebut mewakili keluarga.

Secara umum, poin-poin yang disampaikan dalam pambagyo harjo adalah seperti sambutan dari keluarga besar temanten seperti ucapan puji syukur, ucapan selamat dan doa bagi temanten, ucapan terimakasih kepada tamu undangan dan permohonan maaf jika ada hal-hal yang kurang berkenan dalam pelaksanaan acara pernikahan.

Selengkapnya, berikut ini contoh teks Pambagyo Harjo Temanten

PAMBAGYO HARJO

Contoh Teks Pambagyo Harjo Temanten

ASSALAMU'ALAIKUM WR.WB.

Alkhamdulillahirobil'alamin wabihinasta'inu ala umuridunya wadin,washolatu wassalamu 'ala asrofil ambya'i wal mursalin syayidina wa habibina wa syafi'ina waquroti a'yunina wa maulana muhammadin wa ala alihi washohbihi ajma'in ama ba'du.

  • Dumateng para sesepuh, pinisepuh miwah ajisepuh ingkang satuhu kinabekten....
  • Dumateng para pangemban pangembating praja ingkang tuhu pantes sinudarsana...
  • Sagung para rawuh kakung sumawana putri ingkang sinugatha ing pakurmatan....

     Lumintuning pudyastawa saking gusti ingkang maha asih, ambabar daya pangaribawa ingkang cumandhuk dateng para kawula dasih, kacihna ing salebeting kalenggahan punika kita waged pepanggihan ing panti pahargyan punika kanthi wilujeng kalis ing sambikala, puja-puji sasanthi sumangga kita ikraraken kanthi waosan tahmid...ALKHAMDULILLAHIROBIL'ALAMIN....

     Shalawat saha salam mugi katur wonten junjungan nabi agung Muhammad SAW ingkang kita antu-antu syafaatipun benjang wonten ing yaumul kiyamah....Allahumma Amin...

Nuhoni pamundhutipun Bopo.....................ingkang ing wanci  punika hamengku gati netepi darmaning ngasepuh,  amiwaha putra putrinipun ingkang sesilih nimas ayu............................apalakrama kaliyan bagus...........................atmaja kakungipun Bopo........................ingkang pidalem ing.....................
wondene ijab lan qobulipun sampun kaleksanan tabuh..........kanthi widodo nir ing sambikala.

     Kula kadawuhan matur ing ngarsa panjenengan sedaya, njih awit saking bombong saha bembenging penggalihipun, panjenenganipun Bopo...............................mboten kuwawi sowan matur ing ngarsa panjenengan sedoyo ingkang wose badhe ngaturaken prentuling penggalihipun, pramila keparengo kula ingkamg matur pinangka sesulihipun.

     Para rawuh ingkang minulya, sinartan sinukartaning panembrana keparenga kulo ngaturaken sugeng basuki sa rawuh panjenengan sinartan agunging panuwun ingkang tanpa pepindan, dene-dene panjenengan sedaya sampun kepareng paring idi pangestunipun dumatheng temanten kekalih.

panjeneganipun Bopo........................ugi ngaturaken gunging panuwun dumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kepareng paring tanda tresna miwah pambyantu ingkan awujud punapa kemawon, bahu suku, bondho beyo serta iguh pratikel, menika sedaya tuhu damel mongkok saha bombonging manah.

panggrantesing manah panjenenganipun Bopo....................sagotrah hamung nyuwun dumateng gusti ingkang maha agung, mugi lubering sih kadarman panjenengan sedaya pikantuka lelintu ingkang satraju destum hanglangkungana.

     Para rawung ingkang minulya, sakpunika penganten kekalih sampun kula sowanaken wonten ngarsa panjenengan sedaya, saperlu kula suwunaken tambahing pangestu wilujeng mugi-mugi anggenipun jejodohan samangke sagedo atut runtunt rerentengan lestari widodo mulyo ing suko rahayu.

ing wasana panjenenganipun Bopo.........................ugi ngaturaken gunging pangaksama tumrap sedaya kekirangan ing panti pahargyan punika,ceweting aruh pilenggahan serta pasugatan ingkang tan saged mangun suka renaning penggalih panjenengan sedaya keparenga sagung para rawuh ngluberna sih samudra pangaksami.

      Pungkasing atur tan jangkeping trapsila miwah subasita tumpang suh pangrakiting basa miwah ukara anggen kula matur wiwit purwa,madya dumugi wasana keparenga kula tansah anyadhong rumentahing pangaksama.

Akhirusalam Wabillahitaufik wal hidayah Wassalamu'alaikum Wr.Wb.

wekdal saha panggenan kula aturaken dhumateng panata adicara,nuwun....


Previous
Next Post »
Thanks for your comment