Teks MC Walimatul Ursy Basa Jawi (Bahasa Jawa)



السلأم عليكم ورحمة الله وبركاته

ألحمّد لله .ألحمد لله نحمده ونستعينه ونستغفره ونتوب اليه , ونعوذ بالله  من سرور أنفسنا ومن سّيئات أعمالنا , من يهد الله فلا مضلّ  له  ومن يضل له  فلا هادي  له .أشهد ان لا اله الا الله وحده لا شريك له , وأشهد أن محمّدا عبده ورسوله . وقال الله تعالى في القران العظيم "أعوذ بالله من الشيطان الرجيم , ومن أيته ان خلق لكم من انفسكم أزواجا لتسكنوا اليها وجعل بينكم مودة و رحمة , ان فى ذلك لأيت لقوم يتفكرون.صدق الله العظيم.أما بعد…

…………
Dumateng para alim ulama' ingkang rinten dalu tansah sumanding kitab suci wahyuning ilahi minangka panuntun keblating panembah ingkang satuhu luhur ing budi.

Dumateng para pepunden sesepuh para pinisepuh ingkang satuhu sampun pana ing pamawas lebda ing pitutur ingkang pantes pinundhi saha kinabekten.

Panjenenganipun para priyagung dharahing nata, para sarjana sujaneng budi para pangemban pangembating praja satriyaning nagari minangka pandam pandoming kawulo dasih ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan.

Para punakarya labet praja ingkang mahambeg luhuring darma, miwah kadang sutresna mudha ingkang pantes sinudarsana,

Para penderek pinanganten kakung / putri saking tlatah ……….punapa dene para tamu kakung sumawana putri ingkang satuhu dahat kinurmatan.



Kanti linambaran pepayoning budi rahayu miwah ngaturaken sewu agunging aksama mugi keparenga kawula hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha. Ingkang sepindah langkung rumiyin mangga manungku puja ngunjukakaen sembah puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun kepareng paring rahmat lan ni'mat gumelaring agesang wonten madyaning bebrayan agung katitik rahayu sagunging sagunging dumadi tansah kajiwa lan kasalira dumateng panjenengan sedaya dalasan kawula sahengga saget makempal manunggal wonten sasana pawiwahan mriki saperlu hanjenengi saha paring berkah pangestu dumateng panjenenganipun bapak ………………. Anggenipun hanetepi darmaning sepuh hangrakit sekar cepoko mulyo, hamiwaha putra mahargya siwi ingkang asma………………..

Ingkang pikantuk jejaka saking tlatah ………………. Ingkang asma ………………..mugi-mugi karawuhan panjenengan estu-estu dados tambahing pangestu dumateng pinangaten sarimbit.



Sholatulloh wa salamuhu mugi katetepaken wonten ngersane junjungan kito Nabi Muhammad SAW. Lumebering domateng poro shohabat ipun, sageto mahanani domateng panjenengan ipun bapak…….dalah keluwargo, anggenipun ngentas pitulus amiwoho putro mahargiyo sisi putro putrid ingkang asesilih Raden mas bagus………/roro diyah ayu……..ing pangajab,mugi-2 dados pinanganten ingkang barokah keluwarganipun, dipun dadosaken keluwargo ingkan sakinah,wamadah warohmah,angsal pangestunipun poro rawuh ingkang sami lenggah,  Amin………..



Sagunging tamu undangan kakung sumawono putrid ingkang dahat kinurmatan.



Mugi pinarengno kawulo marak ngabiabtoro hanggempil mardikaning penggali,anggen jengandiko,samiyo lelenggahan wonten wismo pawiwahan puniko,tumprap perluning gati kawulo marak ngabiantoro,awit awrat pinatah anglantaraaken rantamaning adicoro ingkang bade kalampah  ing pawiwahan Walimatul urus sing/dalu puniko,pramilo keparengo langkung rumiyin kawulo ngaturaken menggah ingkang dados rantamaning adicoro ingkang sampun rinacik,rinampat soho rinumpoko.



1.Wondene adicoro ingkang karuhun nun inggih: atur pambuko

2. Kalajengaken wahosan ayat-2 suci Al qur an dumawah adicoro ongko kalih

3. adicoro ongko 3 dawuh-2 pangendikan

    a. saking dutaning besan minongko pasrah pinanganten

    b. Atur pambagyo soho panampi pinanganten ingkang mengku gati

4. Wondene adicoro ingkang ongko 4 nun inggih inti Walimatul urus

5. Kalajengaken Sabdo tomo/Mau'idloh Hasanah

6. Wondene adicoro ingkang ongko 6 nun inggih do'a minongko panutuping adicoro.

Mekaten menggah tata rakiting adicara pawiwahan ingkang sampun rinakit lan mangga pawiwahan punika kita buka kanthi waosan umul kitab  ing pangajab mugi-mugi pawiwahan siang/dalu punika purwa madya wasana tansah manggih rahayu kalis ing rubeda nir ing sambikala

LI RIDLOLLOH WABI SYAFA'ATI ROSULILLAH WA'ALA HADIHIN NIYAT AL-FATIHAH

Wahyanin mongso kapan wus ndungkap titi laksananing adicoro, sumonggo kito sigrak tumapak ing adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-2 suci Al qur an,ananging sak derengipun waosan ayat2 suci Alqur an kalaksanan,sakderengipun nyuwun sewu agungin aksomo,domateng poro rawuh ingkang taksih sami ngudut/rerembakan kasuwun kancendak sawatawis saperlu hormat soho mirengaken waosan ayat2 suci Al qur an ingkang bade kawahos dening sederek ……….saking……wekdal soho sasono kawulo aturaken

Mekaten menggah waosan ayat-2 suci Al qur'an sinartan ing pamuji,mugi nampi imbalan nugroho saking ngersane Alloh SWT, Amin-3 x



Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan



 tumapak adicara ingkang angka tiga nun inggih atur pasrah saking kulawarga pinanganten kakung/putri pramila punika dumateng panjenenganipun bapak ingkang sampun kapiji hanjejeri minangka talang basa saking keluawarga  pinanganten wekdal saha sasana kawula aturaken

Mekaten menggah pasrah ingkang sampun ceto tatas soho titis tur trawoco



Selajengipun inggih p[uniko atur pambagyo soho tampi pinanganten saking mengku gati, sejatosipun panjenenganipun bapak ……………..badhe marak ngbiyantara sami, saperlu nampi pasrah saking keluwarga pinanganten kakung/putri menika ananging nggih kabekto saking bombong miwah mongkoking manah karana karoban ing sih sadaya ingkang sampun hanjenengi saengga mboten kuwawi matur piyambak pramila menika badhe dipun sulih sarirani dening bapak ……… …….. pramila dumateng panjenenganipun wekdal saha sasana kawula aturaken.

                Satuhu tatas titis wijang saha gamblang atur panampi ingkang sampun dipun aturaken. Lan mangga adicara wonten pawiwahan punika kita lajengaken. Minangka adicara ingkang angka sekawan nun inggih adicara inti walimatul ursy pramila dhumateng para kadang sinoman dipun suwun angayahi punapa ingkang dados jejibahanipun ngaturaken pasugatan twin dedaharan dumateng para tamu. Lan dumateng kadang juru pitha swara kasuwun muter lelagon ingkang cunduk kaliyan swasana wonten dalu/siang punika . sumangga…!!!



                Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawulo mulyaaken mboten ateges kawula angridu anggenipun panjenengan sami dahar ananging kaliyan ngrantos cekap enggenipun caos dedaharan mangga adicara wonten siang/dalu punika kita lajengaken.

               

Para rawuh kakung sumawana putri ingkang dahat kinurmatan.



Bilih pinanganten sarimbit anggen ipun bade nyilemi samudraning bebrayan,( bermasyarakat) ngatur bale wismo meniko mbetahaken lampu,pinongko pamdomeng lampah arupi piweling soho pitedah,ingkang meniko panjenengan ipun bapak………. Dalah gotrah keluwargo ngeryoso (mengharap) panjenengan ipun Romo kyai …………ingkang gambuh salwiring kaweruh,kersoho paringwarsitoworo utawi warsito adi dumateng pinanganten sarimbit khusus ipun, umum ipun dumateng kulo dalah panjenengan sedoyo.pramilo domateng panjenengan ipun Romo kyai………….wekdal soho sasono pangendikan kawulo aturaken.



Para rawuh kakung sumawana putri ingkang tuhu kinurmatan.



 minangka adicar ingkang terakhir nun inggih do'a ingkang insya allah badhe kapandegani dening bapak …….. ananging sakderngipun adicara do'a kalaksanan, kunjuk dumateng bapak ( shohibul bait ) keparenga hanjengkaraken pinanganten kakalih kakanthi tumuju dumateng wiwaraning sasana pawiwahan saperlu nguntapaken konduring para tamu saha nyuwun tambahing berkah pangestu. Lan saking kawula minangka pranata cara mbok bilih awal saengga akhir wonten solah bawa saha atur ingkang mboten nuju prana kawula kajibah nyuwun gunging pangaksami

وبالله التوفق والهداية,  والسلام عليكم ......
Lan dumateng bapak ……………wekdal saha sasana kawula aturaken.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment