Contoh Pranoto Adicoro Manten

Pada postingan sebelumnya, kami pernah memuat tulisan berjudul Panduan Adicoro Panggih Temanten Lengkap.

Postingan kali ini berupa adicoro manten yang singkat  dan padat, semoga bermanfaat bagi kita semua.


Pranoto Adicoro Manten


Assalamu’alaikum WrWb

Dumateng pangarsanipun poro alim ulama, poro kyai ingkang tansah kita cadong berkah pandunganipun.

Wonten pangarsanipun poro pepunden poro sepuh poro pinisepuh ingkang hanggung hamestuti dumateng pepoyaning kautaman ingkang pantes pinundi,poro duto saroyo saking kadang besan sutrisno ingkang pantes kinurmatan

Wonten pangarsanipun poro priagung, pengageng pangemban-pangembating projo, dalah satrianing nagari ingkang kinaryo dados pandam-panduming kawulo dasih ingkang pantes sundarsono.

Poro lenggah kakung sumawono putri ingkang kawulo hormati,kadang wredo mudo ingkang winantu suko basuki,

Langkung rumiyin sumonggo kito sesarengan ngaturaken puji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti Alloh SWT ingkang Maha Agung ingkang sampun paring rohmat lan barokahipun dumateng kulo lan panjenengan sami,

Saklajengipun sholawat lan salam katetepno dumateng junjungan kito Nabi Muhammad saw ingkang kito antu antu syafa’atipun linangkung benjang wonten ing dinten kiamat,

Poro pinisepuh ingkang tuhu kinabekten,poro rawuh kakung sumawono putri ingkang dhahat pantes sinudarsono,

Kaparengo ing mriki kawulo nyuwun agungin pangapunten awit wantun cumantoko hanggempil kamardikan anggen panjenengan sami wawan pangandikan,

Sakderengipun kulo kakersaaken kinen ndereaken lampahing adicoro pasemuan agung ing titi wanci puniko,

Saklajengipun kawulo andereaken lampahing titilaksitaning adicoro meniko hambok bilih katah kekirangan dalah kalepetan mboten nuju prono temahipun dumateng penggalih panjenengan sedoyo kulo nyuwun lumunturing samudro pangaksami,

Kepareng kulo aturaken menggah rantamanipun adicoro ingkang badhe kalampah ing wekdal puniko,
Adicoro ingkang,
  1. Pambuko
  2. Atur pasrahing pinanganten sarimbit saking pihak besan,
  3. Atur pambagyoharjo kalajengaken atur panampi pinaganten sarimbit,
  4. Panutup,
Pororawuh sedoyo ingkang kawulo hormati sumonggo adicoro pepanggihan ing wekdal puniko kito purwakani sesarengan kanti waosan basmalah,sampun cekap kulo aturaken sanget agunging panuwun dumateng panjenengan sedoyo ingkang sampun bikak adicoro adicoro puniko,mugi2 adicoro ing wekdal puniko mboten manggihi alangan satunggaling punopo,

Saklajengipun dumawah adicoro ingkang ongko 2 inggih puniko pasrahing pinanganten sarimbit saking pihak besan ingkang badhe dipun serinani dumateng panjenenganipun bp..... dumateng panjeneganipon wekdal soho swasono kulo sumanggaaken,

Kulo aturaken sanget agunging panuwun dumateng panjenenganipun bp...ingkang sampun kepareng ngaturaken.... ingkang kapireng cetho gamblang saha wijang wijiling sabdo,

Dungkap Adicoro saklajengipun inggih puniko atur pambagyoharjo kalajengaken atur panampi pinanganten sarimbit ingkang badhe dipun serinani dumateng panjenenganipun bp....Wekdal saha swasana pangandikan kawulo sumanggaaken.

Kawulo aturaken sanget agunging panuwun dumateng panjenenganipon bpk.....Dungkap adicoro saklajengipun inggih puniko panutup,

Sagunging poro tamu kakung sumawono putri ingkang dahat kinurmatan mbok bilih adicoro ing kalodangan puniko sampun dungkap paripurno pramilo sumonggo pepanggihan tumunten kito pungkasi kanti waosan khamdalah sesarengan,,,,

Saklajengipun poro rawuh sedoyo kasuwun tumuju wonten sasono pinajan saperlu pareng pandongak pangestu dumateng pinanganten sarimbit kanti jawat asto,

Kalajengaken porotamu kasuwun tumuju ing panti bujono saperlu hangrahabi pasugatan ingkang sampun kasumeptaaken dening ingkang hamengku gati…sumonggo.

Wassalamu’alaikum wr.wb
Previous
Next Post »
Thanks for your comment