Kesakten Iku Bisa Tumeka Carane Kapriye - Pustaka Radja Mantrayoga bagian 2

 illustrasi
II
KASAKTEN IKU BISA TUMEKA KALAWAN CARA KAPRIYE?
Wong kang ambudi daya kalawan anglakoni tapa iku kudu kanthi kapracayan kang nyukupi, apa dene serenging pangudi lan kamempengan anggone nindakake, atine kudu santosa temenan supaya wong kang nindake sedyane mau ora nganti kadadeyan entek pangarep-arepe yen kagawa saka kuciwa dening kahanane badane, wong mau kudu nindakake pambudi dayane luwih saka wewangening wektu saka katamtuwaning laku kang dikantekake marang sawiji wijining mantram lan ajaran ilmu gaib awit gede gedening kagelan iku ora kaya wong kang gagal enggone nindakake lakune rasa kuciwa kang mangkono iku nuwuhake prihatin lan getun, nganti andadekake ciliking ati lan enteking pangarep-arep. Sawise wong mau entek pangarep arepe lumrahe banjur trima bali bae marang panguripan adat sakene, mung dadi wong lumrah maneh. Kawruhana wong kang lagi miwiti ngyakinake ilmu gaib sok sok deweke iku mesti nemoni kagagalan-kagagalan kang nuwuhake rasa kuciwa.
Sawijining wewarah kang luwih becik tumrap wong kang lagi nglakoni kasutapan, iya iku ati kang teguh santosa aja kasusu-susu lan aja bosenan. Ngemungake wong kang anduweni katetepan ati lan sentosaning sedya sumedya ambanjurake ancase iya iku wong kang bakal kasembadan sedyane.
Wong kang ngyakinake prabawa gaib, iku anduweni kekarepan supaya dadi wong lanang temenan kang diendahake dening wong akeh, iya ana ing ngendi bae enggone nyuguhake dhirine, amarahe diwedeni ing wong akeh, panguwuhe gawe kekesing wong, yen anyentak dadi panggugupake lan gawe gumeter, dhirine ditresnani ing wong akeh, pitembungane digatekake lan pakartine diluhurake ing wong akeh. Iya pancen nyata, wong liyane mesti tundhuk marang sawijining wong kang ahli ilmu.
Wong ahli kasutapan tansah yakin enggone ngumpulake kekuwatan gaib ing dalem dhirine.
Ana paedahe kang migunani banget, manawa wong anindakake pambudi daya kalawan misah dhewekan ana ing papan kang sepi, karana tinemune kekuwatan gaib iku sok-sok tinemu dhewekan ana ing pasepen.
Wong ahli kasutapan kudi mbudidaya bisane nglawan marang napsune kekarepan umum (kekarepan wong akeh kang campur bawur ngumandhang ana ing swasana) kalawan tumindak mangkono wong ahli kasutapan mau dadi anduweni pikiran-pikiran kang mardika iya pikiranpikiran kang mangkono iku kang bisa nekakake kasekten gaib.
Sangsaya akeh kehing napsu kang kena tinindes, uga sangsaya gedhe tumandhoning kekuwatan gaib kang kinumpulake.
Kekuwatan gaib tansah makarti tanpa kendhat enggone mujudake sedya lan nganakake kekarepan.
Wong ahli kasutapan kudu anduweni ati kang tetep lan kekarepan kang dereng, kalawan ora maelu marang anane pakewuh pakewuhe lan kagagalan-kagagalaning.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment