ILMU MALUYAKAKE DHIRI PRIBADI - Pustaka Radja Mantrayoga Bagian 11

 illustrasi
XI
ILMU MALUYAKAKE DHIRI PRIBADI
Ora mung tumindak bae tumrap sawijining wong bae bisa maluyakake wong liya kalawan kekuwatan gaib nanging uga tumindak tumrap sawijining wong maluyakake dhiri pribadi kalawan kekuwatan iku.
Bisane maluyakake larane wong liya, mesthine kudu ngirima kekuwatan waluya marang sajroning badane wong kang lara, Manawa wong gelem naliti yen wong iku bisa ngumpulake kekuwatan gaib ing dalem badane dhewe lan ngetokake sabageyan kekuwatan iku kawenehake marang wong liyane mesthine uwong bisa ngreti yen arep migunakake kekuwatan iku kanggo paedahe dhirine dhewe uga luwih gampang.
Supaya bisa nindakake pamaluya marang dhirine dhewe kalawan sampurna wong ngesthi kudu mahamake cara-carane maluyakake penyakit kang wis kapratelake ing bageyan-bageyan kang dhisik, iya iku cara-cara kang katindakake kanggo maluyakake wong liya lan wusanane ambudidaya supaya bisa migunakake obah obahan iku marang awake dhewe.
Kawitane wong kudu nindakake patrape mangreh napas, kanggo negahake asabat.
Dene carane ngatur napas iku kapratelake kalayan ringkes kaya ing ngisor iki :
Madika panggonan kang sepi Lungguha ing sawijining palinggihan kang endhek lan kapenak Sikil karo pisan tumapak ing lemah Badan kajejegake lan janggute diajokake Benik beniking klambi kang kemancing padha kauculan, sabuk uga diuculi supaya sandangan dadi longgar lan kapenak kanggo tumindak ing napas.
Pikiran katarik mlebu, supaya luwar saka sakehing geteran pikiran kang saka ing jaba.
Sakehing urat-urat kakendokake.
Banjur narika napas kalawan alon lan nganti jero banget tahanen napas iku sawatera sekon (detik) lan wusanane wetokna napas iku kalawan sareh.
Anujokna gumolonging pikiran kalawan ngetut marang napas kang mlebu metu iku kalawan giliran.
Carane nindakake napas kaya ing ngisor iki :
Narik napas kalawan alon lan nganti jero ing sabisane, nganti dhadha dadi mekar lan weteng dadi nglempret.
Nahan napas iku kira-kira nem saat utawa luwih suwe ing dalem paru-paru dhadhane cikben lestari mekare, lan wetenge cikben lestari nglempete kalawan mangkono iku gurung dalaning napas tansah tetap menga.
Ambuwanga napas kalawan alon nganti entek babar pisan nganti dhadha dadi kempes, lan weteng dadi mekar.
Banjurna marambah rambah matrapake mangkono iku suwene kira-kira saka lima tumeka 15 menit utawa luwih suwe nganti bias nemoni pangrasa anteng lan tentrem ing sajroning badan.
Cara matrapake kasebut ing dhuwur iki sawijining cara kangge napakake napas iki kena lan kudu ditindakake saben dina telung rambahan, dening sapa bae kang nglakoni tapa supaya oleh ilmu gaib.
Sawise nindakake mangkono kang ateges ngiseni pokoking asabat kalawan prana anayar, nuli wong kena nindakake pamaluya umum nurut ing prenah panggonan kang lara.
Mesthi bae marang dirine dhewe wong ora bisa ngobahake tangan lan drijine kalawan longgar nanging sanadyan kapriye bae saka sathithik yakin wong bakal bisa makarti kalawan bisa anduweni asil kang bagus lan angeramake.
Pijet urut geteran lan liya liyane obah-obahan bakal bias katindakake tumrap marang badane dhewe sinambi mlumah lan nindakake napas manut aturan kasebut ing dhuwur mau.
Cukup kirane manawa migatekake aturan-aturan kang wis kapratelake ing bageyan-bageyan ing dhuwur.
Daya kang luwih bagus iya iku miwiti makarti miturut pituduhan.
Aja weya nindakake patrap kanggo napakake napas iku.
Cara matrapake tumindaking napas iku kena uga ditindakake kalayan leyeh-leyeh mlumah : ngendokake sakabehing urat-urat nyelehake tangan karo pisan sadhuwuring weteng lan nindakake lakuning napas miturut aturan.
Daya ngisekake prana, ngadeg kalawan jejeg sikil karo pisan kapepetake dadi siji lan driji drijining tangan karo pisan dirangkep dadi siji kalawan longgar banjur matrapa lakuning napas sawatara rambahan miturut aturan.
Gawe segering utek lungguha kalawan jejeg lan nyelehna tangan karo pisan ing sandhuwuring pupu kiwa tengen : mripat mandeg marang arah ing ngarep kalawan tetep : sikil karo pisan tumadak ing lemah.
Kalawan jempol tangan kanan anutup lenging grana sisih kiwa wusana nglepasake jempol iku banjur ambuwang napas liwat lenging grana tengen lepasna driji panutup iku lan ambuwanga napas mangkono sabanjure kalawan genti genten kiwa lan tengen.
Tamat
Previous
Next Post »
Thanks for your comment