SULUK SANGKAN PARANING SAKARATUL MAOT

SULUK SANGKAN PARANING SAKARATUL MAOT
(DERAH SANGKAN PARANING SAKRATUL MAOT) 
PUPUH
KINANTHI 
  1. Kinanthin paduking dunung, kang kinudang para wali, mukmin kas para ngulama, kang wicaksana ber budi, kabudayaning paningal, kang pinelengleng ing galih.
  2. Katontona ing pangestu, ing sakaratul maoti, ing pangreh aja sulaya, jamaning ngaurip iki, den prapta jaman kamuksan, kang aputus den patitis.
  3. Den awas pamawasipun, yen ingkang maha linuwih, tegese linuwih ingkang, tanana kang mamadhani, iku nora gagepokan, nora cedhak nora tebih.
  4. Apan iya nora empuk, nora atos anglemesi, kesed lumer alus wadhag, iku wu…… samar wujuding pangeran, lawan nora neningali.
  5. Nanging waspada kelangkung, saobahing rat kaligling, pesthi nora kasamaran, mangkene lire sayekti, Allah iku tanpa rupa, nora abang nora putih.
  6. Nora ireng nora wungu, nora dadu nora kuning, tan mancur nora mancurat, tan mencrong kadya sasi, tan cumlorot anglir lintang, tan gumebyar lir Hyang Rawi.
  7. Lan nora mambu Hyang Luhur, nora sedhep nora wangi, mis bacin maning iyaa, ingkang penguk ingkang tengik, wus nora gepoki pisan, angambar menuhi bumi.
  8. Lan Allah nora angrungu, sewu mokal lamun tuli, kang kumrincing kang kumrompyang, kang jumebret kang gumerit, kang gumludhug kang gumlodhag, yeku wus nora ngamboni.
  9. Nanging kabeh wus kawengku, jro langit jabaning langit,unen-unen ing sajagad, tan kakilapan sayekti, lan Allah puniku ora ngrasa lawan angrasani.
  10. Tegese tan rasa karcut, nora legi nora gurih, nora pedhes nora panas, nora sehdep nora asin, sepet getir pahit nora, nanging mampangati yekti.
  11. Tan lara nora angelu, nora enak nora sedhih,nora bungah nora susah, sirna saliring dumadi, yeku wujuding Hyang Suksma, sipattolah amumpuni.
  12. Kang nora keni dinumuk, kang tan kena den rasani, tan kena den ambu miwah, lan tan kena den tingali, mung dumuk-dinumuk iya, sarta kodrate pribadi.
  13. Lan ambu ing ambu iku, rasa-rinasa pribadi, rungu-rinungu priyongga, tingal-tiningal ningali, ya iku ingkang ing aran, dattullah ingkang kakiki.
  14. Ing kono enggon pakewuh, ewuhe wong ulah ngelmi, bok tumpang so salah tompa, bote ingkang niniwasi, tan wurung rineweng setan, den dhadha byang den gebugi.
  15. Jenenge ngelmu p;uniku, lungguhe kawan prakawis, kang dhingin iku sarengat, tarekat kang kaping kalih, kaping tigane kakekat, ping pat makripate nenggih.
  16. Lire siji sijinipun, iya roh kang den leketi, sarengat ingkang ginulang, tegese sarengat nenggih, tata kramaning ngagesang, kang den lingling den kawruhi.
  17. Kang den eman badanipun, den reksa den gumateni, winawas sariranira, wales winales ngaurip, saur-sinaur tan gethang, lalar-lilalar sayekti.
  18. Mengkono saurutipun, wong sarengat pamrih neki, ya dene kang wong tarekat, amawas wekasing pati, tegese kang pinageran, mituhu kareping ngati.
  19. Mandeng pamendenging kalbu, osiking tyas kang lilniling, dene wong ahli kakekat, roh ingkang dipun adhepi, den ling-ling-lingling winawas, wekas-wekase dumadi
  20. Aja pijer andudunung, dudunung jamaning ngurip, urip aneng nglal dunya, tan wande yen bakal mulih, mulih marnag kalanggengan, ginunggung pangrehireki.
  21. Kaping pare kang winuwus wekasing roh kang pinurih, kang para ahli makripat, sinarama den sirepi, sineireb saung rerepan, sinesep sagung sinepi.
  22. Rasa rumongsa ginululung, ginulang-gulang ywa pangling, kapileng lenglenging tingal, katingal ing siyang ratri, eling lukitaning ngalam, dadi satruning dumadi.
  23. Yen dinadaka bok dudu, marma sagunge kang sami, ulih ngelmu kalepasan, wajib sami ngati-ati, kapat pisan den waspada, lakuning reh siji-siji.
  24. Akeh angel temah luput akeh gampang bilaheni, saking kurang kaprayitnan, wiweka tan den kawruhi, beda kang wus kanugrahan, kang sinebut para wali.
  25. Kapat pisan wus kacakup, siji tanana kang sisip, pasah angangsah makripat, memper wahyuning pra nabi, kang kinonang kuna-kuna, kang wus tan kena sinilib.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment