Kaweruh Ajisaka



Tumraping bangsa indonesia (jawa) mboten bade gumun, menawi saben tahun saka wulan setunggal (1) sura kawula nuswantara sami nga wontenaken wilujengan mengeti/memetri wulan satu sura. petangan wulan sura punika pancen naluri petangan wulan kang saking tahun saka.

Kajawi saking punika, wonten maleh bab-bab ingkang nyangkut petangan dinten lan pasaran, legi, paing, pon, wage, kliwon. Bab punika perlunipun kangge mangertosi mila sanes wontenipun tahun saka ingkang dipun wiwiti sarana wulan sura. Kita perlu haneliti bab-bab prasejarah jawa ingkang wonten gandeng jenengipun bab sejarah ngingingi kemajenganipun agami buddha ing jagad raya punika.

            Sejarah jawa kang wujud ipun kados dongengan utawi folkalori punika, sampun saget dipun mestheka’ken katah ingkang nemu ten bahan minangka kangge keluesan bab pawarta.
          
Ananging ing pundi-pundi seleresipun ugi mboten kengeng dipun selaki. Tahun saka punika terangipun mendhet saking sebutan kang umum ipun aji saka, kangge masyarakat jawi, punika kalebet perlu sanget. Tumrap tembung jawi, aji mengku teges tiyang ingkang sanget kinurmatan dening kawulanipun kados dene raja (ratu) punika sampun nyata sanget kangge tumrap tiyang jawi.

            Bab tembung saka asalmulanipun “suku sakya” sri maha raja saking india ingkang asmanipun prabu asoka ii nalika abab iii sak sampunipun sang buddha mangkat (sedo), ugi kasebut raja priyardasin kang mengko pernatan nagari sakya ing india utara. Maha raja asoka jumenenging raja nalika tahun 270-233 sak derange masehi.

            Panjenengane putra raja bindusara (baswara) saking mahgada, lan wayahe raja candragupta kang ngusir tiyang yunani saking india. Ing saklebeting sejarah india, raja asoka kaping ii sawijining ratu kang agung kang rasuk agami buddha. Raja asoka ke ii, ngangsu piwulange arahat bab piwucal agami buddha.

            Panjenenge minangka dharmaduta kang ageng kuncarane sak sampunipun sang sakyamuni sedo, panjenengane kang ngawontenakan sanghiti (concili) kang kaping iii ing kuta patna ing wriku para wiku, pandita, lan para cendikiawan agami buddha sami ngumpul kangge nyusun kitab suci agama buddha.

            Kajawi saking punika ugiyasa pendapa-pendapa kangge mahargaia mengeti menawi wonten pesamuan agung, kang wonten papan panggonan kang kramat ing kapilavastu, kang tilasane sang buddha gotama, lan isipatana lan kusinanara, papan panggenanipun sang buddhamangkat. Panjenenganne kang ngentun dharma duta katah sanget, ing pundit-pundi jurusan, tuwin pundit-pundi negri.

            Tuwin maleh wonten satunggaling dutadharma ingkang dipun kintun inggih punika putra-putrinipun kiyambak, kang diutus mbabar dharma ing cailon inggih punika raja putra mahendra, lan raja putri sanghamita. Lan maleh kaping kalehipun putra-putrinipun raja kaleh-kelehipun niki ugi sami ndawahkaken tetengger nanem wit bodhi ing anuradhapura (cailon) ngantos dugi sak punika tasih subur.

Lan anggenipun nyebar utusan dutadharma mboten ing india keng mawon ananging ugi ing pundi-pundi negri ing sanesipun. Nalikane taseh katah tiyang ingkang kalebet asal kanugrahan kesucian (sotapati) utawi tingkat arahat. Saklebete nindakaken minongko utusan suci dhamaduta dibantu para bodhisatva mahasatva anggene sami ngayahi kuwajiban suci ngantos temurune abad. Ngadyian ta sang prabu asoka kaping loro sampun sedo, nganging kuncarane asmane isih katon sumunar pindabaskara, nyatanipun rombongan dutadharma soyo tambah.

            Saking katahe dharmaduta, ngantos saget jumenenge prabu kaniska. Sang prabu kaniska watake tan benten kaleh sang prabu piyadasi, ngantos saget ngawontenaken sanghiti kang kaping iv, sang prabu piyadasi sanghiti kaping iii. Kitab-kitab suci agami buddha dipun prisani sedoyo sarana teliti. Sanghiti kapeng iv dipun ngawontenakan ing kuta kasmir tegesipun tahun 100 sakderengipun masehi.

            Nalikane negara diasta panjenengane, kira-kira abad vi (tahun buddha) panjenenengane midanget pawarta ing nusa wetan kidul india, wonten ing cengkremane raja kang galak banget karem ndahar daging manungso. Kawulane tansah sami anjrih, rino wengi tansah sami nyenyuwun kang maha kuasa, lan para dewa, supadados saget lepas saking bebaya. Lan pawartos punika pancen keparanyata. Nalika semanten pulo punika dipun wastani pulau kendang (nusa kendang), lan pulo punika sampun katah kangge mesanggrah para brahmana saking india kang nginap. Pulau kendang dangu-dangunipun wastani pulau jawa, karana owah ngingsire alam dados pulau jawa duwipa. Dwipa ateges dipun wastani nusa kendang punika sampun jamanipun wonten 1500 tahun sak durunipun masehi, inggih punika duginipun bangsa india kang mbutuhake  sami dugi ing tanah jawi kangge netep sak lajengipun campur kaleh kawula pribumi (nusantara).

            Wontenipun campuran punika wujud aken nenek moyang kita ngantos sak punika kebudayaan jawa campur kebuddayaan hindu. La sakpunika wangsul ngrembab babagan wontenipun raja kang bengi kang tansah kanggo dedonganane kawola ing nusa kendang (jawa). Karyiosipun para kawula pulo punika dikuaosi raja dewata cengkar ing saben ndinten tansah karen dahar manungsa, saben enjang kedah nyaosi manungso setungal, kangge dahare.

            Babakan punika ngantos kapireng sang prabu kaniska, minangka tetunggule kang mrintah suku sakya ing india. Sang guru agung sakyamuni kiyambak punika ugi keturunan pangeran suku sakya, mula dipun wastani skyamuni ingkang mengko teges tiyanyg suci saking kawulo suku sakya.

            Sak laminipun kamurkaning dewata cengkar kapireng kang prabu kaniska, mila panjengane nuli utusan dutadharma kang asmane mpu sengkala dateng nusa kendang, pranila saking punika mpu sengkala diparingi jejuluk sang aji tumrap kawula, awit piwukalipun di aji-aji dening kawula, saka, tegesipun keturunan sakya.          

Kocapa tindake sang ajisaka lang-nglang tanah jawi ngantos dugi ing ibu kota medang kamulyan, pinarak nyare ing ndaleme sang ajisaka, mbok rondo dereng mangartos babar pisan, mila dangu-dangunipun lajeng pitanglet, pawartosipun wonten priyatun ingkang mucal. Mila mbok rondo pitanglet marang kang aji saka, pawartosipun wonten priyatun mucal ngelmu warna-warni? Umpami priyatun punika celak ing ngriki, kula ugi bade tumut sinau.

            Sang ajisaka lajeng semu mesem nuli ngandika: pancen kulabu…ingkang dipun pawartasaken lajeng kulo tumut sinau punapa dipun parengaken? Pangandikane sang ajisaka; kengeng kewala menawi ibu purun, wiwit punika mbok rondo sengkeran tumut dados siswane sang ajisaka dangu-dangunipun nggriyane nyai sengkeran kangge cetiya (sanggar pamujan) kangge maringi piwucal babagan japa mantra agami buddha. Mila saking punika ingkang saking manca negri inggih punika satunggaling patih saking tengger, dangunipun sang patih saking tengger dados siswane sang ajisaka. Mila sawijineng dinten ajisaka pitanglet marang kipatih tengger. Pitakone ajisaka “sang patih kengeng punapa nalika kawula wiwit lumebet ngriki tiyang-tiyang kok sami lumajar, wonten sebabipun punapa?

            Jawabpipun sang patih “punika wonten utusanipun raja pados tiyang ingkang badanipun lemu kangge daharipun raja dewata cengkar, sareng aturipun kipatih ingkang kados mikaten, sang ajisaka anget bilih katimbalan raja kaniska kapurun mitulungi kasangsaranipun para kawula, mila saking punika sang ajisaka lajeng ngandika “oh, gusti kawula ingkang dados daharan panjenenganipun sang prabu. Ananging para penderekipun ajisaka kang katah sanget sami nyegah punapa kang dikersaake sang ajisaka. Anangeng saking andrenging sang ajisaka mboten saget di alang-alangi maleh, mulanipun lajeng dipun nderekaken para siswa-siswanipun, sang ajisaka dipun aturi sowan ing ngarasane prabu dewata cengkar aturi kipatih; gusti ratu kawula ingakng ngaturaken tiyang amanipun ajisaka, ingkang kepingin dados daharan sang prabu sarana kanti lega lila nanging kanti bebana nyuwun bumi medang kamulan ingkan jembaripun sami destaripun sirah punika. Sang prabu ugi nayogyani, bab panyuwonipun ajisaka.

            Sak sampunipun sang prabu ngilani, sagung para kawula ing medang kamulan sami nderek nyekseni, wiwit sang ajisaka gelar destare, ngantos dugi ing pesisir kidul dereng saget telas-telas, mila sang ajisaka matur marang sang prabu kados pundi gusti sarehning bumi medang kamulan sampun telas katutup dening destar kawula? Kamongko sampun dipun sakseni para kawula wonten sak wingkinge kawula.

            Sak sampunipun sang prabu dewata cengkar pirsa kawontenan ingkang kados mekaten, saknalika muntah jeja bang mawing-winga, sanget dukane mila banjur dados pasulayang perang campuh. Sang prabu dewata cengkar keplajeng mangidul di oyak sagung para kawula, peputone sang prabu dewata cengkar ambyur ing samudra mamba warna dados bajul putih. Kawula medang kawulan sampun sami suka ing pengalih, jalaran memalanging saget sampun sirna, kawula sami tentrem gesangipun.

            Sak punika wangsuli babagan sang ajisaka


Sang ajisaka sakestunipun asmanipun joko sengkola punika. Sarehning ngrasuk agami buddha, banjur diangkat kawisuda minangka dhamaduta, diparingi asma marang sang prabu kaniska jejuluk tridesta ya jaka sengkala. Siswanipun soyo tambah soyo tambah. Ugi wonten dene tindakake ing nuswantara njunjung utawisipun jawa tengah ungaran 14 maret 78 sak wese masehi ugi sampun nate pinarak ing pulo majeti, sak lejengipun banjur ngantos dugi ing pulo kendang terus nrabas ing medang kamulan.

            sak sampunipun saget ambresta tiyang ingkang candela durankara waton perang campo ngantos angsal kemenangan wanton nyirna aken ratu angkara, mila mboten aneh lajeng tengering saka sura, tembung sang ajisaka jumeneng raja medang kamulan jejuluk prabu sengkala (mpu sengkala) ya ajisaka.

            negeri medang kamulan lajeng digantos negara mataram purba. Babagan asal-usulipun ditanemi jewawut, sak menika gantos bibit pantun tur murakabi kangge kawula nuswantara, lan taneman katinggal sami subur gemahripah lah jinawi kawula sami tentrem.

            kacarita sarehning sampun sak utawis sang ajisaka anggenipun jumeneng raja, mula punika sang ajisaka kemutang anggenipun titip pusaka marang punakawan kang arandoro, saknalika sang prabu ajisaka banjur utusan marang adine kangaran sembada. Kang abdi sembada nuli bidalan nyuwon pamit, lampahe sembada lajeng mboten nolah-noleh ngantos dugi ning papan padunungane sidora. Sak sampunipun si sembada sampun kepanggih marang sidora, lajeng sami bagi binagi. Sisembada banjur ngandak ake menawi di utus nyuwun pusakane gustine. Pesenane sidora suloyo rembuge, mila banjur sami puguhe ngantos peperangan kaleh-kelhipun mboten wonten ingkang purun ngawon tundone pejah sampyuh.

            wangsul babagan sang prabu ajisaka, sarehning abdi kanga ran sembada sampun sak wetawis dangu anggenipun bidal saking ing medalkamulan nalikane di utus gustine dereng wonten pawartosipun. Milo saking punika sang ajisaka banjur sigera tindak nyatakaken kados pundi mungguh wusanane. Milo saking punika sang ajisaka banjur tindak nyataaken sak sampunipun dugi pangenanipun pirsa yen adine kakalihipun katingal sami pejah kalih-kalihipun. Sang ajisaka rumaos kuciwa  pengalihipun, dene sami-sami siswa ndadak nganakake papati bareng sampyuh. Sak sampunipun kelampahan dados mekaten, sang aji lajeng damel lalipur penggalihe kanti anggripta sandi sastra bab pejahe adi kaleh wau.

 munggoh surasane :

I.
Ha na ca ra ka  = werdine = hana utusan
Da ta sa wa ka  = werdine = kinen sagolongan
Pa da ja ya nya = werdine = padha tumuju kawijayan
Ma ga ba ta nga = werdine = mangesti kewajiban

Tundane mleset pangjengane sang ajisaka njur sa iki unine seje, yo iku unine koyo sing ngisor iki

II.               
Ha na ca ra ka  =werdine = ana utusan
Da ta sa wa la  = werdine = ora sarujuk atine
Pa da ja ya na   = werdine = podo kukuhe
Ma ga ba ta nga = werdine = dadi jalane pati

Ing wasana punkasi semanten atur kawula sarehning kawula damel basa jawi kasaraaaaaaaa (ngoko), pramila mbok bileh wonten kirang kasusilanipun, mugiyo kerso paring nggunging samudra pangabsami. Nuwun nuwun dados tembung sura, werdinipun wani .

Kawuning ngana dados ingkang kabekto dharma jawi inggih sang ajisaka kawruh jawa


*anonymous


Previous
Next Post »
Thanks for your comment