Fahami 35+ Pepeling Jawa ini Agar Hidup Anda Selamat Sentausa Dunia Akhirat

Fahami 35+ Pepeling Jawa ini  Agar Hidup Anda Selamat Sentausa Dunia Akhirat


1.Rame ing gawe,sepi ing pamrih, memayu hayuning bawono. 
(giat bekerja,membantu dengan tanpa pamrih,memelihara alam semesta/ mengendalikan hawa nafsu) 

2.Manungso sadermo nglakoni kadyo wayang umpamane. 
(manusia sekedar menjalani apa adanya seumpama wayang) 

3.ati suci marganing rahayu. 
(hati yang suci menjadi jalan keselamatan jiwa dan raga) 

 4.ngelmu kang nyata,karya reseping ati. 
(ilmu yang sejati,membuat tenteram di hati) 

 5.ngudi laku utomo kanti sentoso ing budi. 
(menghayati perilaku mulia,dengan berbudi pekerti luhur) 

 6.jer basuki mawa bea. 
(setiap usaha memerlukan biaya) 

 7.olo lan becik dumunung ono awak'e dhewe. 
(kejahatan dan kebaikan terletak dalam dhiri pribadi) 

 8.sing sopo lali marang kabecik'ane liyan iku koyo kewan
(siapa yang lupa akan amal baik/pertolongan orang lain itu laksana binatang) 

 9.titikane aluhur,alusing solah tingkah bahasane lan legawaning ati,darbe sifat berbudi bawalaksana. 
(ciri orang mulia yakni,perbuatan dan sikap batinnya halus,mempunyai sikap wibawa serta luhur budi pekertinya) 

10.ngunduh wohing pakarti. 
(orang dapat menerima akibat dari ulahnya sendiri/karma) 

11.ajining dhiri soko lathi lan budi. 
(berharganya dhiri pribadi seseorang,tergantung ucapan dan budhi pekertinya/akhlaknya) 

 12.sing sopo biso weruh sakdurunge winarah lan di akoni sepodho - podhoning tumitah iku kalebu utusaning pangeran. 
(siapa yang dapat mengetahui apa yang akan terjadi dan di akui sesama manusia,maka dia termasuk utusan tuhan) 

13.sing sopo durung wikan anane jaman kalanggengan iku,ojo nganti ngaku janmo linuwih
(siapa yang belum paham akan jaman ke abadian jangan pernah mengaku sebagai orang linuwih/ orang yang di anugerahi kelebihan) 

14.tentrem iku sarananing urip ono ndonyo. 
(ketenteraman adalah sarana menjalani kehidupandi dunia) 

15.yitna yuwana,lena kena. 
(eling waspada akan selamat,yang lengah dan lalai akan celaka) 

16.becik ketitik,olo ketoro. 
(yang baik maupun yang jahat pasti akan terungkap juga) 

17.dalane waskita saka niteni. 
(cara agar menjadi awas adalah dengan jalan cermat dan teliti) 

18.janmo tan keno kiniro koyo ngopo. 
(manusia sulit di tebak seperti apa dan bagaimana) 

19.tumrap wong lumuh lan keset iku prasasat wiso. 
(bagi manusia,fakir dan malas bisa menjadi racun) 

20.pangan kang ora biso ajur iku keno di araniwisa,jalaran mung bakal nuwuhake leloro. 
(makanan yang tak dapat hancur juga dapat dikatakan sebagai bisa/ racun karena hanya akan menimbulkan penyakit) 

21.klabang iku wisane ono ing sirah,kalajengking iku wisane ono ing buntut.nanging durjono wisane ono ing sakujuring badan. 
(kelabang/lipan itu bisa/ racunnya ada di kepala,sedangkan kalajengkig itu bisanya ada di ujung ekor,sedangkan orang yang durjana bisa racunya ada di sekujur badan) 

22.tumrape wong linuwih tansah ngudi keslametaning liyan,metu soko atine dhewe. 
(bagi orang linuwih selalu berusaha menjaga keselamatan untuk sesama,yang keluar dari niat suci) 

23.pangucap iku biso dadi jalaran kabecik'an,pangucap iku ugo biso dadi dalaning pati,kasengsaran,pamitran. 
(ucapan bisa menjadi sarana kebaikan,tetapi sebaliknya juga bisa menjadi sebab kematian dan kesengsaraan) 

24.sing biso gawe mendem iku : rupo endah,bondho,darah luhur,lan enom umure. 
(penyebab orang menjadi lupa dhiri adalah : gemerlap hidup,harta,kehormatan dan darah muda) 

25.mulat saliro tansah eling lan waspodo. 
(jadi orang itu harus senantiasa mawas dhiri,eling lan waspada) 

26.sakbegja begjane kang lali iku luwih bejo kang eling klawan waspadha. 
(seberuntung beruntungnya orang yag lupa dhiri,itu masih beruntung orang yang senantiasa eling lan waspada) 

27.yen siro di becik'i liyan iku tulisen ing watu,supoyo ora ilang lan tansah kelingan. yen siro gawe kabecik'an marang liyan iku tulisen ing lemah supoyo enggal ilang lan ora kelingan. 
(jika kamu menerima kebaikan dari orang lain tulislah di batu,supaya tidak pernah hilang dari ingatan. jika kamu berbuat baik kepada oang lain tulislah di tanah supaya lekas ilang dari ingatan) 

28.orang linuwih iku biso nyumurupijaman kalanggengan tanpa ngalami pralaya dhisik. 
(manusia linuwih dapat mengetahui adanya jaman keabadian tanpa harus mengalami matiterlebih dahulu) 

29.sopo kang mung gelem ngakoni barang kang kasat mata wae,iku durung weruh jatining pangeran. 
(siapa yang hanya mau mengakui hal - hal yang kasat mata saja,berarti orang itu belum mengetahui setinya TUHAN) 

30.yen siro kasinungan ngelmu kang marak'ake akeh wong rumongso seneng,ojo siro malah rumongso pinter. menowo gusti mundhut bali ilmu kang marak'ake siro kaloko iku,siro ugo bakal koyo wong sejene. 
(jika kamu mendapatkan suatu ilmu yang membuat orang lain merasa senng,janganlah kamu malah merasa pintar.jika tuhan mengambil kembali ilmu yang membuat anda terkenal itu anda akan menjadi seperti orang lain pada umumnya) 

31.sing sopo gelem gawe senenge liyan iku bakal oleh piwales kang luwih gedhe tinimbang opo kang di tindhak'ake. 
(barang siapa yang gemar membuat orang lain bahagia ,maka dia akan mendapat balasan yang lebih besar dari apa yang telah ia kerjakan) 

32.Sabar iku ingaran mustikaning laku. 
(Bertingkah laku dengan mengedepankan kesabaran itu ibaratkan sebuah hal yg sangat indah dalam sebuah kehidupan) 

33.Sabar iku lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan pandhadharaning ngaurip
(Sabar itu merupakan sebuah kemampuan untuk menahan segala macam godaan dalam hidup, yg tentunya nanti bisa untuk mendewasakan diri kita masing-masing) 

34.Jumbuh karo unine bebasan, sabar iku kuncining swarga, ateges marganing kamulyan. 
(Sama seperti bunyi sebuah peribahasa, berlaku sabar itu adalah “jalan utama” untuk mendapatkan “surga”. Yang dimaksud disini adalah ketentraman dan kedamaian dalam menjalani kehidupan) 

35.Nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep. 
(Akan tetapi bukan berarti lalu kita gampang kehilangan pengharapan) 
Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki. 
(Justru sebaliknya kita harus menjalaninya dengan penuh pengharapan dan seolah-olah mampu untuk mendapatakan apa saja yang ada di dunia ini. Tentunya dengan disertai rasa mawas diri dan kepasrahan)

Pepeling Boso Jowo, kanggone wong sing ora njowo 


"Sabar iku ingaran mustikaning laku, jumbuh karo unine bebasan, "sabar iku kuncining swarga," ateges marganing kamulyan.

Sabar iku lire momot kuwat nandhang sakehing coba lan pandhadharaning ngaurip, nanging ora ateges gampang pepes kentekan pengarep-arep.

Suwalike malah kebak pengarep-arep lan kuwawa nampani apa bae kang gumelar ing salumahe jagad iki." 

Saiba-becike samangsa wong kang lagi kasinungan kabegjan lan nampa kabungahan iku yo kudu tansah eling, gedhe ngucap syukur marang Kang Peparing.

Awit elinga yen tumindak kaya mangkono mau kejaba bisa ngilangi watak jubriya, uga mletikake rasa rumangsa yen wong dilairake ing donya iku sejatine yo mung dadi lelantaran melu urun-urun tetulung marang sapadha-padhane titah, mbengkas kasangsaran, munggahe ngreksa, hayuning jagad.

Kahanan donya iki ora langgeng, tansah owah gingsir.

Yen sira kebeneran katunggonan bandha lan kasinungan pangkat, aja banjur rumangsa, "sapa sira sapa ingsun", tansah ngendelake panguwasane.

Tumindak degsura marang sapadha-padha.

Elinga yen bandha iku gampang ilang muspra lan pangkat iku sawayah-wayah bisa oncat..!

 "Ing samubarang gawe ojo sok wani mesthek ake, awit akeh lelakon kang kebak sambekalane sing ora biso dinuga tumibane.

Jer koyo unine pepenget, "menowo manungsa iku yo pancen kudu tansah ihtiyar, nanging papesthene tetep dumunung ono ing asta-Ne Pangeran Kang Maha Wikan".

Mulo ora sak mesthine yen manungso iku nyumurupi bab-bab sing durung mesti kelakon. Sak umpomo nyumurupono, prayoga ojo diblak-blak ake marang wong liyo, awit temahane hamung bakal murihake bilai." 

"Dadi manungsa kuwi sing paling utama, aja sok ngendel-endelake samubarang kaluwihane. Apa maneh mamerake kasugihan lan kapinterane.

Yen anggone ngongasake dhiri mau mung winates ing lathi tanpa bukti, dhonge pakarti kaya mangkono iku yo bakal ngengon awak-e dadi salah sawijining manungsa kang ora aji.

Luwih prayoga turuten kae pralampitane tanduran pari. Pari kang mentes kuwi yo mesthi bakal tumelung, lha... kang ndhongak mracihnani yen pari kuwi kothong tanpa isi."
Previous
Next Post »
Thanks for your comment