SULUK KAGA KRIDHA SOPANA


ANGGITANIPUN RADEN SASTRA DARSANA
PUPUH I
PANGKUR
  1. Ranguringa wus kawuntat, denira yun ngayoni ngiket kehing, sasmita tama mamayu, trajuning kasunyatan, darpa adreng kadereng berung andarung, saru siku tan rinasa, nawung serat suluk rawi.
  2. Pratistha dhinapur kaga jajagongan mardi, mardaweng budi ngarah rehing wasitayu, yowana kang pinudya, gya bangkita bangkat, papangkatan layu karti titis putus tatas tataning mangolah ngelmi.
  3. Mangkana purwaning gita, duk ing nguni wonten kukila katri, anggepnya sami nyadulur, lir nunggil yayah rena, wit sinangkan saking sarahsaning kawruh, dhasare nunggal pasaban, saba warih ngupa bukti.
  4. Yeka bango walang kadhak, katri cangak panuju sajugari, neng tepi narmada kumpul kempal soring mandira, dhasar papan ayom ayem tur samun, magkana bango lingira lah iya ta sanak kadwi.
  5. Kaya paraning wekasan, yen manggunga mangkene sabenari, riwa-riwi sabe ranu, nurut paraning mina, met lenane gya linenan tanpa luput, mung karya sining padharan, nelek pulih ngelih malih.
  6. Baya ta tanpa pangrasa, tindak siya cidra karya papati, wewalese tan pinetung ketang amurang tata, urip pisan nguja harda tyas laku dur, dur tapa karti duraka, dosa mring samaning urip.
  7. Uripe sepisan rusak, lalu linglung pikire ting saluwir, wigar kotamaning laku, karem keramat sepat, saya lamun yen kapethuk kuthuk ngantuk, o ya allah kang sipat rohman lan rakim.
  8. Mugi tuwan aparinga enget, nadyan amba tinitah peksi, bok inggih sampun kadlarung, tan wikan wosing gesang lah tedahna dadalan dadining ngayu, kayuwananing jiwangga, gayeng ngalam kabir sahir.
  9. Walang kadhak lon delingnyo, bonggan sira ayun dumadya peksi, wus jamak sagunging manuk, tinitah sabeng tirta pan pinanci, papancan mamangsanipun, mina sen-isen narmada, mangkono uga sujanmi.
  10. Mung patrape bae beda, dadalane kang mrih kena binukti, wit janma sinungan, kawruh becik lan ala, bango mbengok eh walang kadhak wuwusmu, sanadyan tinitah kaga, yen eling luwih utami.
  11. Wit sasug sipating gesang, kang tumitah winenang nampik milih, wus ginelar ala ayu, para sarjana wewarah kang sapyarsa ngangkah ngungkih wahyu luhung, ya tinggal catur prakara, lalabuhan kang mangka wite.
  12. Juga betah tapa brata, dwi legawa rila kang nrusing batin, tri sumingkir pakarti dur, catur mantep ing karsa, mapan ana ing nguni caritanipun, wong ngagung ana ing ngeksiganda, Panembahan Senapati.
  13. Ing lair rada dupara, yen bangkit tau madeg narapati, ing Pajang ratu pinunjul kasub kalokeng jana, ya pa gene turune tan madeg ratu, wit sing adiling Pangeran sing sapa nemen-nemeni.
  14. Wong ngagung ing Ngeksigandha, duk lagine durung jumeneng aji kyat tyas bratane sineru, prapteng bawani bwana, maksih maksa paksa,mamasuh anggayuh wadyaning wahyu karamat, tumerah turuning wuri.
  15. Widodo prapteng samangkya mapan iku Yogya karya palupi, lupiya wenang tiniru, ruruba mring Hyang Suksma, walang kadhak megat catur wuwusipun, mbok ya wis salin salaga, mundhak gagal kang denpikir.
  16. Mikir reh wus padha tuwa, wajibing laladan doningpati, mati titis ya kalimput, pupuntoning kasidan den waskitha wawasan praptaning dunung, lah mara aku carita rang-erangte pra winasis.
  17. Silah-seleh ing palastra, darajating jisim pitung prakawis, juga mati bosok luluh, dwi wetah dadya sela, katri sirna kang layon datan kadulu, catur sirna dadya tirta, panca layon santun warni.
  18. Dumadya manik musthika, kanem layonmalih warna memedi, kasapta praptaning layu, dumadya sato kewan lah ta paran mungguhing sanyatanipun, banget ribeding tyasingwang, tan gadug gayuh ambudi.
  19. Wit cengkah lan dalil ira, ingkang muni kayun pidaraeni, lire langgeng uripipun, ing kene kana gesang, teka dadak ana sirna wutuh luluh, leash basah dadi kisma, mara pikiren kang malih.
  20. Bango mesem lon delingnya, bener temen walang kadhak sireki, tan siwah lawan dhapurmu, darbea pikir nglungka kawruhana, mungguh peperanganipun, jro urip mengku kalih dat, dating kawula myang Gusti.
  21. Dumadya dadya sajuga, keket pliket karaket mujud siji, de binjang yen prapteng layu, lagya apipisahan dating Gusti mulya mulih pulih wangsul, wangsul mring asaling lama, yeku jroning ngalam gaib.
  22. Jumeneng lan pribadinya, dene lamun datira mesthi mati, beja bali asalipun, nganasir catur warna, cilakane ingarad dening lelembut, dadi dhanyang penyenyengan, anggung gawe sok nyalahi.
  23. De darajat sapta warna kang ginusthi panggih ing ngalam pati, yekti sing labuhanipun, lalabet jroning gesang, pan mangkene warahe kang wus amangguh, yen lena bosok kang angga, yeku pratandha duk urip.
  24. Jigar-jigur ambaruwah, tebih laku nyunyuda lan sisirih, suka kasukan linantur, de suksmane ngelambrang, ing saparan ngulandara tanpa dunung, yen mati wetah tan omah, bebegeg nyangari siti.
  25. Yeku duk kala gesangnya, nglantur brata tinggal dugu prayogi, suksmane korup lelembut, dumadya dadya dhanyang, swara bumi tunggu pereng jurang punthuk,yen mati sirna layonnya, yeku duk lagine urip.
  26. Nglantih nglantur cegah nendra, ari ratri tan nganggo winatawis, layon mijil saking kubur, kranjingan bekasakan, gara godha memedeni angreridu, suksmane nitis mring kewan, de yen dadya warih.
  27. Yeka duk maksih gesangnya, tinggal sahwat tan mawi dugi-dugi, layon sirna mor mun-amun, suksmane ngumladheyan, nempel manjing sela tanapi, wreksa gung myang dadya saleh gandarwa, caluthak sring nyidra resmi.
  28. Yen layon dadya musthika, sotya retnamaya tanapi manik, yeka duk ing gesangipun, mahambeg paramarta, sabar rila legawa budi ayu tulus tepa tresna mring sasama, ngadat lupiya kang uwis.
  29. Rahsa jiwangga nir mala, kukut keket kempal kahanan jati, sajatine kang amengku, kukubaning bawana, lah pikiren walang kadhak, apa mathuk gathuk sunduk prayoganya, walang kadhal lon nauri.
  30. Kaya akeh emperirara, sira bango apa iya ngecupi, aku arsa melu payu paran kang kok piliya, prayogane milih wutuh dadi watu, mesthine bakal pinuja sajen kembang boreh wangi.
  31. Saben ri Sukra ngadhepan, den pepetri sinugun keh sujanmi, kang minta idi pangestu, saba paran wruh sabarang, tan nana kang mamanceni.
  32. Cangak nyanguk nyaru nyentak, lah ta walang kadhak teka daleming lamun mangkono tekadmu, paran perlune pada saraseyan gulang ngelmu medhar kawruh, bok ya pasrah kewala labuhan kadaring urip.
  33. Uripmu kapulet hawa, hawa awan sing benter ring Hyang Rawi, wiji wujud tuwuh wuwuh wimbuh ngombra rembaka, lali lamun donya donadon nyakuthu, thikil-thukuling markada, dumadya ngudi taruni.
PUPUH II
S  I  N  O  M
  1. Lah ta bango walang kadhak, delingna carita mami, warah wasitaning kuna, mungguh sajatining urip, urip sangkaning sepi, sayekti mulih mring suwung, sirna rata rumangsa, de kahananing dumadi, wujudingwang anane ana priyangga.
  2. Sinartan pamoring hawa, sing sudama ditya kartti, lirnya sudama: Hyang Wulan, Ditya: iyeku Hyang Rawi, kartti: karti kayekti sarining Sang Hyang Sutengsu mahyakken tirtamaya, Hyang surya mahya kang ani, taranggana mahya sari samirana.
  3. Pamoring sari titiga, yeku ingaran Trimurti kang mangka warananira Sang Hyang Wisesa sayekti, marmanya Hyang Trimurti, winenang gelarangukut, madhem lan nguripana sagunging sarwa kumelip, de yen pisah yekti dadya panguripan.
  4. Binjang lamun prapteng mangsa, yekti pulih mulih malih, ajal kamulaning ana mor wit sangkanira nguni,marma ing dalem urip, tri lekat wajib ginelung Purba, Wasesa, Esa lire Purba: witing nguni, wasesa, pan wenang, esa, yekti tunggal.
  5. Katri iktekat, yen katrima ing pangesthi binjang praptaning delahan, wenang mang nunggil lawan wit, wit wijinya dumadi dadining kahanan sagungm gung alit inggil andhap, tan beda tembe anunggil nging reh titah adhakan keneng rubeda.
  6. Dadalan mekaring hawa, winantu pikir tan neling lama-lama saya ngreda, dadi kembanging bilai kalimput warni-warni wawarneri kang mrih kajlungub jujurang curi carang, yen mangkono papan yekti wurung mulih sida malih dadi kadhal.
  7. Warnanen kang mesu brata, neng ngerong perenging kali, kakasih sang Resi Kadhal kagyat dening ra miyarsi, gya mudhar brata mijil sing rong arong alon wuwusipun, heh heh paran ta sanak sira dahat mejanani ingkang aran Resi Kadhal iya ingwang.
  8. Pa gene ta sira padha, ngremehaken sameng dumadi,sagung titahing suksma, liyan bangsaning sujanmi, kabeh pan sami ugi, darajat golonganipun sira, kalawan ingwang, pangkat lan darajate nunggil lah engeta papangkatan cara Buda.
  9. Yeku mina, sato: janma kacatur pra dewa-dewi, wijang unggah-udhunira wus kinodrat dening Gusti, kodrat iyeku pasthi, prandene sih owah santun karananing iradat, wruhanta heh sira katri pangwasanya kang sastra jendrahayuningrat.
  10. Mina bangkit dadi cangak, bango pan dadi sujanmi, manungsa awor lan dewa, de mungguh kawruhing ngabi, yeku kalimah kalih sahadat jatiranipun, pan niku langkung gawat, datan kena gina gampil, yen pinuja jagad iki yekti sirna.
  11. Nging aywa kaliru tampa, kinira kang jagad alit, lire alit kang gumelar, karuwan doh pernahneki, balik kang ngong arani, jagad agung tegesipun iyeku jagadira, kang ngalangut tanpa tepi, pinusthia pan sirna suci sampurna.
  12. Marma sira den weweka, aywa sok gegampang angling, yeku begalane ilat, kapleset dhawah yomani, utawa den arani wot sirotalmustakimmu, iyeku antaranya kang lambe ngisor lan nginggil, mung sakecap yen tan bener dadi beka.
  13. Apadene tingkahira kathoprakan ting bathithit, karetek nuthuk kenthongan, kothekan tharik narit hik mathuk den othak-athik, pethuk gathuk manthuk-manthuk, cekat-ceket acukat, cancut kang swara melingi lagon lagu pasemone nut irama.
  14. Peksa sagayuh gagana, akarya buwana balik, kirap elarnya binabar, lah mangkono ngong dugi pan niku durung mathis pamanthenge datan  gathuk lan pathokaning rasa, wimbuh ulesmu mesmubrit, abang hawa adreng kadereng driyarda.
  15. Yen arsa gayuh kang nyata, nyatakna ingkang permati, titis awasing pamawas, wosing wasana denesthi, kanthi lepasing budi, sarat sarana kang cukup, cakep lair batinnya, dadalane mrih gunasti, andhap asor wani ngalah myang darana.
  16. Samana sang Resi Kadhal karya coba memedeni, mathak mantra triwikrama, jleg angga sawukir agni, mubal ngebat-ebati, tutuk mangap ngisis siyung, waja angapurancang, lir tikswaning braja lungid swara anggreng gumarunggung lir gurnita.
  17. Eh cangak sira den yitna, tontonen kadibyan mami, pan iki durung sapira, yen sun ngetog mesu budi, sayekti jagad iki, sirna saisi katunu, de sira teka dahat, nyenyampah si kadhal nisthip, ing tegese sira nyamah kodrating Hyang.
  18. Ya ta kocapa tri kaga, sakala kalangkung tistis, miris-maras sru katresan, ngerpepeh dhekemne siti, matur angasih-asih, dhuh-adhuh sang sudibyanung kukuten krodhanira, racuten duka sang resi, yen kalajeng ambar tri tan wande brastha.
  19. Kether kuthuk kathetheran, nyathethet miyat sang resi sen-isening tri lokaya, langka bangkita nimbangi marma gunging aksami, mili lir robing kang ranu, tumerah ambring amba badharing kang tulah sarik ruwet ruwat, puwara luput sing papa.
  20. Papa pantaka druhaka, karana tan wruh ing westhi, samana rinacut sigra, pulih kadya wingi nguni cangak umatur aris dhuh adhuh Sang Maha Wiku kula dahat tan nyipta wit salami dereng uning, ukur kewan bangkita dadya mangkana.
  21. Cangak kang tinitah janma mangsa manggiya kakalih mung nguni Sang Prabu Kresna, jer punika Wisnumurti wangsul paduka resi, ilang triwikramanipun, marma mbra sru narima suka sokur mring Hyang Widhi, kalilana amba nyuwun muruhita.
  22. Sang Resi Kadhal lingira, iya sira sanak katri wus ya akeh kang karasa, balik gyan tapa dha mikir kawruh wekasing pati, patitis paraning tuju, lah ta mara tutugna, bango tumatur wotsari, dhuh Sang Wiku kang kadyatekading cangak.
  23. Nyepenken kang pasthi ana yen amba dereng kadugi mangeran sipat kang wadhak, kartika: baskarasasi wit punika pan maksih datan langgeng wonenipun dene dadining ana, yekti ana kang akardi, wangsul pundi kang langgeng tatap ananya.
  24. Kalamun angukuhana, yen Allah ana sayekti, kasbut sipat kalih dasa, lan cihna sagung dumadi, ulun dereng nate wrin, marma mangke kang kulesthi, baya lamun tumindak tinaking kathah.
  25. Ngrungkebi sarat sarengat, saingane ahlul dini, kadya gampil linampahan tan amikir ika iki, karana jroning kadis, wus wonten wawarahipun kang sampun kabyawara, layak jipuk makripati, minal ilmi dakai kade jarwanya.
  26. Menggahing ahli sarengat, tan perlu kedah ngrawuhi, kawruh ingkang lembat-lembat, cekap pracayeng Jeng Nabi, tur ta kenging sinambi, saba sabin ngupa welut, wangsul saking pasaban, wus wulu ngiras ing kali, prapteng wisma jujug langgar salat ngisa.
  27. Lamun kasep kenging kala enjinge dipunsauri, makaten sampun manpangat, de rukun kang catur warni, sahadat wus nyarengi, wedal salat wektunipun, jakat kaji punika, yen kaleres anggadhahi, siyamipun ing ngangkah amrih sambada.
  28. Kikisan kawruh kanyatan sawawrating peksi jawi, sarana gayuh sawarga, gandhulan salat prayogi ginulung lamun bangkit bangkat patemonHyang Ngagung, ngegungken kemat rukyat jro takbiratul ihrom, plenging cipta rasa nunggal Hyang Wisesa.
  29. Walang kadhak nambung sabda, lah ta bango teka gampil pangancasmu kang mrih pana, papan kang sira parani apa sireku lali lupiyaning para jamhur ruhuring ahli srengat, yeku mung lakuning dhiri, wulu tirta lelabet obahing raga.
  30. Gagaran jro kalairan, runtuting yuda nagari balike kekate iya, kudu nggayuh ngelmu batin mestu kang wus kawarti, Ud uni istajiplakum bagya lamun bangkita macung dhewe mring Hyang Widhi karan mokal jisimmu bangkit papanggyan.
  31. Wit kahananing Hyang Suksma sayekti kalangkung gaib, tontonen para ngulama mukminin kang ahluldinni ing jero batine pasthi lan pra ahlul ngilmi mathuk gathuk othak-athiknya, nyatane Hyang Maha Suci caritane ngong beber sira rungokna.
  32. Sun nguni praja bintara karatoning wali mukmin, mardi mardaweng sarengat kang tumrap kawula alit, nuli mring pawarti, Siti Jenar murang mungkur, ngungkurken tindak sarak saking wus padana empaningkaweningan wanuh wani.
  33. Marma sigra ing ngandikan, umarak mareg sangaji, jinanji babar kawignyan lan sagung para wali mukmin, Sunan Giri murwani, buka pangawikanipun tandya gantya gumantya, medhar kawruh kang pininggit, wingit rungsit rerasane beda-beda.
  34. Ana kang angesthi mring dat, ana rasa denrungkebi, cipta: Atma pinangeran weneh anggandhuli gaib, ngen-angen sengguh Gusti, sarenget singset kinandhut, nging mung karya warana nulya Seh Siti Jenar gumanti kanthi miyak warana melo ngalela.
PUPUH III
K I N A N T H I
  1. Seh Siti Jenar lon muwus, lah ta sanak para wali kula mriki ing ngandikan, ujare kinen ngempali saraseyan abawara warane kawruh kakiki.
  2. De jengandika sadarum, teka taksih mindho kardi paran anane sanyata, teka tansah aling-aling, kalingan sunar papadhang, padhang ingkang ngapirani.
  3. Niru kalestu tan ayun kayungyun sipat kawadis, lair batin kula ngadam, lah piyarsakna suwawi Siti Jenar iya Allah, Allah sayekti Seh Lemahbrit.
  4. Karo karone wus jumbuh, jumbuh rasa rupa warni, lire rupa: urup nyata, urup: sing urip sajati, de warna: yeku warana jisim warananing Widdhi.
  5. Kang ran mukamad yeku nur, cahya kang mirdaweng dhiri, rasul: rasaning dat mutlak kadim ngalam kabir sahir kurub dwi astha isthanya punika kang kang kula cupi.
  6. Sunan Giri tan pamuwus, wit wose sampun kapusthi, Siti Jenar tuhu lebda wasana lon denirangling, tan sisip mapan mangkono tan kenil.
  7. Kena laranganing ratu tundon ngrusak yuda nagri, gering masjidira komplang kamplung tataning agami, agama busaneng praja, jamak wruhala lan becik.
  8. Seh Maulana sumambung, lah Siti Jenar sireki lamun yekti ngaku Allah, pa gene ya sira maksih katon lumprah ing manusa neng donya paran kinardi.
  9. Seh Jenar mesem sumaur, alah sira mindho kardi donya kerat, darbekingwang awal akir duwek mami, mapan ingsun tan babakal lan kariya para wali.
  10. Lulusna agamanipun, sarengat mukamad nabi ingsun nuli arsa mulya, mulih: mulih – ya: sayekti temen mulih asalingwang yeku ngalam nukhat gaib.
  11. Marma bango ya sireku, kukuh uger solat mahrib subuh: luhur: ngasar: ngisa lan catur rukune sami wekanana jro sarengat saringane mengku Wadi.
  12. Dulunen duk sira wulu, niyat tumandanging dhiri, rukuk: sujud: lungguh ekram, ngadeg tepungna kang yekti, yektekna lan ananira rarasing rasa sajati.
  13. Bango anauri wuwus, wuwusmu teka lir kyai, nganggo lapal murad makna, narik jamaning pra wali, jaman mangkya yekti beda, dadalaning ngolah ngelmi.
  14. Wit kadheseg ngupa butuh, kudu betah anglelantih, ngidak tatanan rekasa, sanityasa tyas kumitir, gumeter yen tan kaduman, melik atemah ngalikik.
  15. Titirah rawa sinerung, memet mina dipunmeniti kali blumbang jinaganan, nanithik rinuji wesi, sisikune wus liniga, yen kasep ginusah wani.
  16. Parandennya bangkit tuwuk, kadhang durung tuk sawiji, kasusu selakke jaman, mundur sarwi brebes mili, milang miling melang-melang, tan kapethuk wader bungkik.
  17. Temah ngelih ngelak ngelu, ngeluh padharan ngalikik, kang mangkana paran baya, bangkit tungkul mungkul ngelmi, srengat bae kerep gothang, nyethanthung sing pegat bukti.
  18. Beda lan dhek jaman mau, gampange ngupaya melik tan ana peksi ngresula, inguja tan denwaleri, kukila lit sami suka, ayem tentrem tyas basuki.
  19. Cangak mlengak sarwi muwus, bango pa gene sireki, sira teka bangkit ngucap, met darsana myang palupi, lupiyan lelabetannya, Sri Bupati Matawis.
  20. Betah lapa budya tulus, mantep ing karsa tan wigih, panggah rila myang legawa, rila: pasrah lega: sepi, wa: napsu hawa lirira, pasrah tan adarbe runtik.
  21. Pa gene tabangkit tiru, grenengan kacuwan bukti, bango mangsuli lah cangak yeku mung karya palupi kang yogya sinudarsana, nging aku moral bangkit.
  22. Bangkat ngangkt mikat wahyu, jer dudu trahing mertapi, jamak akeh bangkit kandhan, abote yen anglakoni, de niyatku mono iya arsa macung mring Hyang Widdhi.
  23. Widadangreh mring sedyayu, rahayu ing lairbatin nanging gek kepriye mara, teka akeh kang malangi, papalang dadya rencana, nanangi manah tan yukti.
  24. Tiwas pamawasing butuh katutuh anak rabi, bingung bungleng tyas ruhara, de uru arebut melik, lalu langlang salang tunjang, nunjang palang ngreregoni.
  25. Cacak kang tinitah manus, jaman iki arang bangkit, tandhane dhek wingi ana, aku krungu rerasaning janma mlaku bayak-bayak, wurine resi singngiring.
  26. Sajake kaya wong dhusun , ingirit marang nagari, ririh denira rerasan, risi rinoda bab dhuwit, geya pakaryan omahan, pananggalan tegil sabin.
  27. Samarga-marga gumrumung weneh nyebut priye iki uripku teka nelangsa, saben ari denring-uring, anak semah myang parentah dupara bangkita mikir.
  28. Kawusananing uripku kudu-kudu aprang tandhing, dahuru reh aruhara, saben jam pikiran salin, ngrembug iki kono kurang, kana meksa: kene nangis.
  29. Rewange nyambungi sendhu, alah sih begja sireki, nadyan kurang jer wus garan, balik aku sepa-sepi, kana durung kene boya, mokal yen antuk kamanis.
PUPUH IV
DHANDHANGGULA
  1. Resi Kadhal megat wacanaris, lah ta sanak semono kendela, genira rerasan kuwe, bok jugar kang katuju, balik mara dugekna sami mardawa mardi rasa, ngrarasyuning layu, bango: cangak: walang kadhak, pareng nembah katrinya umatur aris, dhuh dhuh adhuh sang dwija.
  2. Amba katri pan wus tan kadugi, gayuh gothek geyonganing rasa, sing pepet cupet pikirane, tar yen amba tri nyuwun sih padhuka mareng namuli, amba tri muruhita, ing pada sang wiku, srah jiwangga prapteng  lena,tan garantes mring reh kang mamrih utami, tama prapteng delahan.
  3. Resi Kadhal mesem anauri, lah ta iya sanak-sanak ing wang, yen dhasar dadi karepe, bagya lamun sarujuk, jroning urip winenang samimarmakrup nai mungkar, lah pa yo sireku, lungguh cerak kene padha sun jateni jatine ingkang kakiki, kikisane kasidan.
  4. Sun tan wani wanuh memanceni, myang memancah pamanggihmu iya, wit kabeh padha benere mung gumantung ing kayun, pundi paran kang denantepi nging mungguh prayoganya, ywa kongsi kalimput, luputmlumpat paugeran, catur warga yeku dalil lawan kadis tanapi ijmak kiyas.
  5. Lyan kadyeku ywa kleru panampi, pipintaning ngelmu pangancasnya, yeku iku dhewe-dhewe, lire ngan ngelmu sepuh, ngelmu rasa ngelmusejati, ngemu gaib tan beda, de kang ngelmu sepuh, dunung wajibing pra wreda, wit taruna arang, kabangkat nanggapi pijer kaduwa hawa.
  6. Basa sepuh kang dhingin, dihin nyata datan kadhinginan, anane kang gumlar kabeh iyeku Hyang Maha agug, marma wajib kudu meruhi dat: sipat: asma: Apngal denkongsi kapangguh, panggubah rarisikanya, nyata kena ananing sakalir yeku ran ngelmu tuwa.
  7. Ngelmu rasa: pambobot sayekti, putusing reh sagung lelungidan, datan samar pamawasem wiji sing marga catur manrus marang betalmakmuri,lumarap graning jaja, rahsa tanggap tangguh, agal lembat datan samar, yamarmane tri bawana denbawani, tuhu ta jalining hyang.
  8. Dene ingkang ngran ngelmu sajati, sajatine murni tan kaworan, kalawan langgeng anane, ing nguni prapteng besuk, beda lawan jatining lair, pan maksih ebah ewah mangkana liripun, samangke mulya wibawa, mulya yekti: nanging durung temtu lestari, terkadhang binjang papa.
  9. Ngelmu gaib: samar jarwanireki, nanging dudu samaring sumelang nging samar kurang apane, ananira Hyang Agung yen dinayan dayaning ngati,pan durung bangkit bangkat liyan manahenkung kongasing sudira brata, marma gaib tuhu dutaning Hyang Widdhi sing sapa bangkit tampa.
  10. Sasat bangkit patemon lan Gusti, lah ta sanak padha rasakena, beda-beda trap lungguhe, yen sireku wus nyakup kukubane wajib meruhi, mujah lawan mudarah, mungguh bedanipun paran kang kadim kang anyar, de samengko wus jumbuh dadi sawiji, jumeneng kamil insane.
  11. Pa karane sira bangkit urip, mobah: molah mabur lan lumampah, sing endi iku purwane kawruhana puniku, kayat kadim mong kata jali sipat jalal myang jamal, kahar kamal iku iyeku dating pangeran kang gung elik misesa sampurna yekti langgeng ing kene kana.
  12. Jisimira asal sing nganasir, catur warna marma tan bodaya, yen tan kalawan khayune, yen sinar tan dening nur rahsa: Atma: nepsu lan budi: yeku mangla sarana jumenengt Hyang Ngagungm marma ywa semang sumelang ananira yekti sing kodrating Widdhi nglairken sipat nyata.
  13. Nyata lamun kawula lan Gusti, liru lambang surup-sinurupan pamoring rupa: warnane marma denawas enut, met sangkaning durung dumadi, dumadya bangkit wruha wenang wijibipun kang nyembah lan kang sinembah, dikir solat: beda tan kena sinami nut nenang papangkatan.
  14. Sembah catur jro kitab wawarti kaji: kusta: daim: mualimnya, puji satari ahmade satari alapipun, barjah tuwin jalalah raning iyeku puji pana, epakna kang mathuk thuthukane ywa sulaya, yakin nyata-nyatane ingkag amuji, muji dhiri priyangga.
  15. Mangkya kocapa pangkating pati, panca warna juga mati, mrayang mor amun-amun suksmane, saparan-paran nglangut lir himawan katiyup angin, kandhela tanpa soca, cadhok numbuk bentus, dwi ngaran pati duraka, dura: ala, ka: panggonan kang dengoni, manggen ing papan cacat.
  16. Upamane asal sing sujanmi, murut manjing uriping mahesa, yeku papan cacad rane, tri pati narakeku nara: manus ka: papan yekti, titising urip marang pulih manjing manus dadi banyu nuting wadhag, bagya lamun dumadi dadi jalma lwih kadhang kaplorot ngandhap.
  17. Caturira patining sawargi, de sawarga yeku tegesira kasasira sarwa gedhe dadyan wangsul mring manusa, yekti dadi pandhita luwih tanapi madeg nata panca patining sampurna, yeku pulih mulih asalira nguni mengkoni tri bawana.
  18. Karanane papangkating pati beda-beda: nuting lelabetan kang kalakon duk uripe dene Hyang Kang Mahagung wus sumarah tan darbe kapti ala becik ginelar mrih utamanipun, banggan kang dhemen kasasar, de Hyang Suksma tan lingsem manjing mring alit, nistha tanapi kewala.
  19. Marma sira mumpung taksih urip, rektenana dalaning kasidan, dumadya lanyahing tembe jro dalil wus kasebut, ida jaa ajalluhummi la yaktakkirisaat mangkana liripun, binjang praptanira mangsa nadyan amung sanapas tan ana wanci yen arsa semoyoa.
  20. Ya mulane pundhuhna samangkin, kala mangsa sasadoning gesang, adunen lawan uripe panengeran kang tuhu, tuhu datan kena sinalin lawan anggawe setan, yen sira durung wruh lah mara padha nyeraka tampanana karna kering kang permati yaiku sajatinya.
  21. Poma-poma simpen dene gemi, gemetana andharan gelaran, yeku mangka parabote lan mangka saksinipun kanyatahan ingkang kakiki, upama ananira lan donya puniku lan samono wus prayoga sabobote kukulia pan wus nyukupi, beda mungguhing janma.
  22. Wus tinampan wulanging Sang Resi, bango cngak lawan walang kadhak, byar tarawangan pikire narawang lir kadulu, dadalaning kamuksan jati, katon doning wiwara, rarasing swargagung, tri kaga dahat karenan sing sangeting suka atemahan nangis, dhuh dhuh Sang Yogiswara.
  23. Raos amba pan kadya angimpi, de makaten pupuntoning gesang, yen mangkono donya kiye yektine aru biru, gung rubeda angriribedi, lah mangke pinarenga mugi sang Ngawiku paring sarananing marga, andhingini pulih mulih papan nguni neng donya natan krosan.
  24. Mumpung wonten ngarsaning Sang Resi, sasampurnakna ywan mantuk mring wisma, mindhak kabesturon dene tangising semah sunu nagih nipkah sarana bukti, Resi Kadhal wacana, lah sanak katelu, lumprah kaprah pra kukila, lamun lagi katemben miyat miarsi, sagunging barang anyar.
  25. Kumacelu kudu andarbeni, balik iki ginege tan kena, yogya nut kala mangsane, ya marmane sireku, sanityasa nanetah teki, kang supadya kalisa, sing sedya tanayu, lawan malih kawruhana, binjang lamun praptane ing dina pati, ing kna keh rencana.
  26. Mapan iku wajib den kawruhi, ilangena begalaning marga, margayun jarah imane, binjang bae sireku, sun tuturi pra pangolahi ing mangko sampun mangsa, Sang Hyang Rawi surup, lah payo padha bubaran, katri kaga ngaras pada nyuwun pamit, byar miber sowang-sowang.
Halaman berikutnya....
1 2 3
Previous
Next Post »
Thanks for your comment