Contoh Adicoro Pengajian Umum

Berikut ini saya sampaikan Teks Contoh Adicoro Pengajian Umum yang bisa anda pelajari dan praktekkan dalam acara pengajian umum.

Anda bisa saja mengganti, menambah atau mengurangi kosa kata yang ada dalam tek adicor pangajian umum ini sesuai dengan situasi dan kondisi yang ada.

Contoh Adicoro Pengajian Umum

Contoh Adicoro Pengajian Umum

Assalamu’alaikum Wr. Wb.


Hadrotal kuroma’, wal fudhola’ poro alim ulama’, poro kyai khususipun dumateng penjenenganipun romo kyai …………….ingkang tansah kawulo cadong-cadong do’a barokah manfaat ilmunipun.

Ugi dumateng panjenenganipun room kyai ………………………………..saking tlatah ………………………...Ingkang tansah kawulo tenggo-tenggo mauidhoh khasanahipun.

Ugi dumateng sedoyo kyai ingkang boten saget kawulo sebataken setunggal-setunggalipun ingkang tansah kawulo mulya’aken.

Sesepuh pinisepuh ajisepuh wonten tlatah....................  ingkang tansah kawulo bekteni.

Bopo lurah ugi sedoyo perangkatipun ingkang tansah kawulo hormati,

Dewan asatidz ugi sedoyo pengurus musholla Al Amin ingkang tansah kawulo bekteni.

Sagunging poro rawuh, hadirin wal hadirot, kakung sumawono putri ingkang tansah kawulo hormati ugi.

Minongko purwakanipun atur sumonggo kito angaturaken puji syukur wonten ngarso dalem Allah SWT, ingkang punopo wonten ing palenggahan puniko kulo panjenengan sedoyo tansah pinaringan sehat wal afiat dipun tebihhaken saking sedoyo balak, sehinggo kulo panjenengan sedoyo saget angrawuhi pengaosan minongko khotmil qur'an musholla al amin wonten ing ndalu puniko.

Sumonggo kulo ndereaken maos setunggal kalimah tahmid kanti waosan Alhamdulillahirobbil ‘Alamin…

Sholawat tuwin salam sumonggo tansah kito aturaken dumateng Nabi Agung Muhammad SAW.

Nabi ingkang tansah kito ajeng-ajeng syafa’atipun wonten ing yaumil qiyamah, ugi Nabi ingkang sampun nedahhaken dumateng kulo panjenengan sedoyo, saking zaman ingkang bathil dumugi zaman ingkang hak.

Minongko raos mahabbah dumateng kanjeng Nabi Muhammad SAW, sumonggo kito angaturaken setunggal kalimah sholawat kanti waosan Allahumma Sholli ‘Ala Muhammad Wa ‘Ala Ali Sayyidina Muhammad .

Poro rawuh ingkang tansah kawulo hormati, ndalu puniko kawulo kapatah minongko pranoto adicoro kapurih ngrantamaken adicoro ingkang badhe kalampah wonten ing ndalu puniko,

Adicoro ingkang badhe kalampah nun ingghih :
Sepindah adicoro Pambuko, pun lajengaken adicoro ingkang
Kaping kaleh nun inggih waosan ayat suci al-qur’an,
Adicoro tahlil minongko adicoro ingkang ongko tigo,
Kalajeng adicoro ingkang ongko sekawan nun inggih sambutan-sambutan,
Dipun lajengaken adicoro ingkang ongko gangsal nun inggih istirahat
Wondene adicoro inti tuwin do’a penutup minongko adicoro ingkang ongko nem. 
  • Poro rawuh kakung sumawono putri ingkang satuhu kawulo mulya’aken, sumonggo kito bika’ adicoro ndalu puniko kanti waosan ummul kitab. Ala niyatina qobul bibarokatil fatihah…..
  • Matur nuwun, mugi-mugiyo ndadosaken lancaripun adicoro wonten ing ndalu puniko.
  • Kalajeng adicoro ingkang ongko kalih nun inggih waosan ayat-ayat suci al-qur’an, ingkang badhe katuraken dening sedherek uswatun hasanah Dumateng panjenenganipun katur sumonggo.
  • Matur nuwun, mugi-mugiyo barokahi dumateng kulo panjenengan sedoyo.
  • Dipun lajengaken adicoro ingkang ongko tigo nun inggih waosan tahlil ingkang badhe kaimami dening bopo ………………………… dumateng panjenenganipun katur sumonggo,
  • Dumateng panjenenganipun bopo …………….. …………….. katuraken gunging panuwun.
  • Poro rawuh minongko adicoro ingkang ongko sekawan nun inggih sambutan-sambutan,
  • Sambutan ingkang a. sangking Prakata Panitia ingkang badhe katuraken dening panjenenganipun sedherek ………………. …. Dumateng panjenenganipun Wekdal soho panggenan kulo sumangga’aken.
  • Dumateng panjenenganipun katur gunging panuwun.
  • Sambutan ingkang b. sangking wakil asatidz ingkang badhe katuraken dening panjenenganipun bopo ……………………. Dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan kulo sumangga’aken.
  • Dumateng panjenenganipun katur gunging panuwun.
  • Sambutan ingkang c. sangking Bopo Lurah deso kalianyar dumateng panjenenganipun bapak Nuriman wekdal soho panggenan kulo sumangga’aken.
  • Matur nuwun mugo-mugo dados kauningan dumateng kulo panjenengan sedoyo.
  • Adicoro ingkang ongko gangsal nun inggih istirahat.

Wekdal istirahat dipun cekapi.

Pun lajengaken adicoro inti mauidhotul khasanah tuwin do’a penutup ingkang badhe kaaturaken dening panjenenganipun romo ……………………………………….. sangking tlatah ………………………………, poro rawuh sakderengipun adicoro kaleksanan kawulo minongko pranoto adicoro mestinipun katah klenta klentunipun atur kawulo, kawulo nyuwun gunging pangaksami, kawulo pungkasi

Wallahul muwafiq ila aqwamit thoriq
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Dumateng panjenenganipun romo ……………………………. katur sumonggo.

Demikianlah contoh adicoro pengajian umum yang bisa saya bagikan, semoga bermanfaat.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment