SULUK BAYAN MANI



SULUK BAYAN MANI
PUPUH
ASMARADANA
  1. Saking kitab Bayanmani, purwaing panukilira, sosotya kang winiraos, kathahe kawan prakara, liring sotya punika, apan sajatining banyu, nenggih samya estokena.
  2. Banyu badan kang rumiyin, kaping kalih banyu akmad, banyu rokani katrine, kaping catur banyu gesang, kumpul dadya satunggal, neng jisiming manungserku, lan malih ingkang winarna.
  3. Gegawan kawan prakawis, kang rumiyin saking Allah, saking Rasul ping kaliye, kaping tiga saking bapa, saking biyang kaping pat, samya matang prakareku, akumpul dadya satunggal.
  4. Saking Allah mata kuping, miwah cangkem lan gerana, saking rasul winiraos, pusuh jantung ati limpa, dene kang saking bapa, otot uteg balung sungsum, kang saking ibu winarna.
  5. Wulu kulit getih daging, wuwusen lampahing rahsa, duk saking wong tuwa karo, tinurut saking kawitan, nalika tedhakira, duk maksih neng ngatas marut, Nukab Gaib kang paparab.
  6. Aneng pucuk rambut nenggih, akerat jujulukira, neng pok rambut aran toret, duk ambles pinggir kapala, roh Hyang Tulis paparab, sing kempel alam ing ngriku, duk aneng ngembun winarna.
  7. Ingaran cahya di luwih, tindak saking bun-embunan aneng betal makmur joge, ing aran cahya murcaya, prapteng gegithok nama, tubadil ing lajengipun, tumurun ing ula-ula.
  8. Ingaranan Bakrul-sasil, segara rante ranira, edhune neng silit kodhok, nengggih sulbikang paparab, prapta aneng pot kalam, ing ngaran niyat puniku, prapta tengah kalam nukat.
  9. Aneng pucuk kalam nenggih, ingaran mani punika, maretul aran dat kaot, ngangkat tetes jinulukan, neptu gaib punika, tumetes ing aran neptu, tumetes ing aran nukta.
  10. Tumiba segara siwi, apan jujuluk nur rukyat, duk kenthel unggah namane, duk nalikanira ngangkat, bunder pan jinulukan, Allah arae puniku, sumorot kadya mutyaara.
  11. Duk kawungkus den arani, nenggih samut duk nalika, dadi netra lawan polo, ajejuluk Rasullullah, ngadeg nama hyang Suksma, wus samya gatra puniku, wawengkonipun sadaya.
Previous
Next Post »
Thanks for your comment